Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF Tentang Sifat Rasulallah Bukan Seorang Pendendam, Singkat Padat Penuh Makna

Ilustrasi Nabi Muhammad SAW
Ilustrasi Nabi Muhammad SAW

Suasana makkah saat niku mencekam naliko 10.000 pasukan Muslim saking Madinah melampah nuju Makkah. Tiang-tiang Quraisy mboten mungkin saget ngalahaken katahipun pasukan meniko. Abu Sufyan, dedengkot kafir Quraisy keweden dewek e bakal dikalahne kaum Muslimin. Naliko Rasulallah sareng 10.000 pasukan sampun mlebet makkah, apa yang terjadi?

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Bacaan Lainnya

Ternyata, naliko kanjeng Nabi lan pasukanipun mlebet ten makkah mboten wonten peperangan babar pisan. Suasana damai mboten enten pertumpahan darah. Langkung-langkung naliko Kanjeng Nabi pidato, “Sopo wae sing mlebu masjidil haram bakal aman, lan sopo ae sing mlebu omahe Abu Sufyan bakal aman,” Subhanallah..

Sak naliko Abu Sufyan kagum atas akhlakipun Nabi Muhammad SAW, musuh bebuyutanipun. Ternyata, tiang ingkan dibenci Abu Sufyan meniko gadahi manah ingkang sae. Pidato kanjeng Nabi saget dadosaken manahipun Abu Sufyan bungah keranten disejajaraken kalian Masjidil Haram.

Abu Sufyan lajeng mlebet Islam, sisusul anggota keluarga lan sedoyo pengikutipun. Bahkan, putranipun Abu Sufyan, Muawiyah bin Abu Sufyan, diangkat kalian Kanjeng Nabi dados salah setunggal tiang ingkang nyatet wahyu. Wonten ing sejarah, peristiwa kados mekaten kolowau dipun arani Fathul Makkah (pembebasan kota Makkah).

Kekuatan politik ingkang mapan sama sekali mboten dadosaken Kanjeng Nabi bertindak semena-mena. Padahal, umpami purun, Kanjeng Nabi saget mawon mbinasakaaken tiang-tiang kafir Qurays.

Kanjeng Nabi mboten tiang pendendam. Justru peristiwa meniku ngetingalaken keluhuran Islam dados agami ingkang beradab, ngutamaaken nilai2 kemanungsan, kados misipun kanjeng Nabi yoiku rahmatan lil ‘alamin

Jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Menawi ten ngajeng wau disebataken Akhlak Rasulallah yoiku Al Qur’an. Mongko sifat kanjeng Nabi estu-setu ngamalaken ayat Al Quran

 خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ الْجَاهِلِينَ

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait