Khutbah Jumat Singkat Padat Bahasa Jawa PDF: Larangan Percaya Dukun dan Peramal

Ilustrasi Dukun
Ilustrasi Dukun

Islam melarang keras bagi pemeluknya untuk percaya kepada dukun dan peramal. Sebab, hal itu merupakan bagian dari musyrik atau menyekutukan Allah SWT dan termasuk dosa besar.

Oleh karena itu, pada materi khutbah jumat singkat padat berikut ini akan menjelaskan tentang larangan percaya kepada dukun dan peramal.

Bacaan Lainnya

Naskah khutbah singkat ini ditulis oleh Ustadz Nur Rohmad, Katib Syuriyah MWCNU Dawarblandong, Mojokerto dengan bahasa Jawa. Untuk versi bahasa Indonesia silahkan klik DISINI.

Anda juga bisa download teks khutbah jumat durasi 10 menit berikut ini versi PDF pada menu yang tersedia. Semoga bermanfaat..

Silahkan bergabung di grup Telegram untuk mendapatkan Materi Khutbah terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com dengan cara klik “Berlangganan” BERLANGGANAN atau https://t.me/khutbahjumatsingkat

MUKADIMAH KHUTBAH PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. سُبْحَانَكَ اللّٰهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَـمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن. أَمَّا بَعْدُ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: رَبِّ هَبْ لِي حُكْمًا وَأَلْحِقْنِي بِالصَّالِحِينَ، وَاجْعَلْ لِي لِسَانَ صِدْقٍ فِي الْآخِرِينَ

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Miwiti khutbah wonten siang hari ingkang penuh keberkahan meniko, khotib berwasiat maring kito sedoyo terutami maring diri khotib pribadi supados senantiasa berusaha ningkataken kualitas keimanan lan ketakwaan kito maring Allah subhanahu wata’ala kanti nglampahi sedoyo kewajiban lan ninggalaken sedoyo ingkang diharamaken.

Hadirin jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah,

Di antara kewajiban hati inggih meniko tawakal maring Allah, artosipun bersandar wonten sedoyo urusan maring Allah. Wajib tumprap kito bersandar maring Allah, sebab Allah-lah pencipta manfaat lan mudhorot soho pencipta sedoyo perkawis. Mboten wonten ingkang ngenaaken bahoya lan paring manfaat kanti hakiki kejawi namung Allah. Menawi ka-wulo sampun ngeyakini hal meniko, mongko piambak e bade bersandar maring Allah wonten ingdalem urusan rezeki lan keselamatan saking berbagai macam bahoyo. Dados, tawakal hakikatipun inggih puniko percados sepenuh hati maring Allah ta’ala. al Junaid al Baghdadi dawuh:

 اَلتـَّوَكَّلُ هُوَ تَرْكُ الْاِ عْتِمَا دِالْحَقِيْقِيِّ عَلَى غَيْرِ اللّٰهِ

“Tawakal inggih meniko ninggalaken bersandar secara hakiki maring sak lintunipun Allah.”

Tiyang ingkang tawakkal maring Allah bakal nebihi pendamelan ingkang diharamaken kalian Allah, kados nglampahi praktek sihir lan ndugeni poro dukun lan peramal. Kerono Nabi shallallahu ‘alaih wasallam sampun dawuh:

مَنْ أَتَى كَاهِناً أَوْ عَرَّافاً فَصَدَّقَهُ بِمَا يَقُولُ فَقَدْ كَفَرَ بِمَا أُنْزِلَ عَلَى مُحَمَّدٍ

Maknanipun: “Sinten tiyang ndugeni peramal utowo dukun, terus percoyo nopo ingkang diomongaken (ngeyakini bilih dukun lan peramal semerep sedoyo ingkang ghaib), mongko piyambak e sampun kufur maring ajaran ingkang diturunaken maring Nabi Muhammad.” (HR. al Hakim)

Kahin (peramal) inggih meniko tiyang ingkang paring informasi tentang perkawis ingkang bade terjadi wonten mongso ingkang bade dugi. Biasaipun peramal meniko bekerja sama kalian jin. Jin ndugeaken berbagai macam informasi. Selajengipun peramal berpedoman maring informasi saking jin meniko lan ngomong maring tiyang-tiyang bilih bakal terjadi niki lan niku.

‘Arraf (dukun) inggih mneiko tiyang ingkang ngomong tentang kedodosan ingkang samoun terjadi lan sampun lewat, kados tentang barang ingkang dicolong lan lintune.

Hadits wonten inggil Maknanipun bilih tiyang ingkang ndugeni peramal utawi dukun lan ngeyakini dukun meniko semerep sedoyo ingkang ghaib, mongko piyambak e kufur maring Allah lan Rasul- Nya.Sebab mboten wonten tiyang ingkang semerepsedoyo ingkang ghoib secara keseleuruhan kejawi naming Allah. Allah ta’ala dawuh:

قُل لَّا يَعْلَمُ مَن فِى ٱلسَّمَٰوَٰتِ وَٱلْأَرْضِ ٱلْغَيْبَ إِلَّا ٱللَّهُ ۚ وَمَا يَشْعُرُونَ أَيَّانَ يُبْعَثُونَ

Maknanipun: “Ucapno siro: Mboten wonten tiyang ingdalem langit lan ingndalem bumi ingkang semerep perkawis ingkang ghaib, kejawi namung Allah.” (Q.S. an-Naml: 65)

Namun menawi tiyang meniko naming menduga bilih nopo ingkang diucapaken kalian peramal utawi dukun niku saget leres sesuai kenyataan utawi salah, mongko tiyang meniko mboten kufur. Tapi tiyang niki sampun jatuh wonten perbuatan maksiat, sebab tangklet maring dukun utawi peramal niku sesuatu ingkang dilarang wonten agami.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Para ulama tafsir sampun njelasken bilih sebagian saking jin terkadang mencuri dengar saking poro malaikat ingkang ditugasaken u nurunaken hujan, ketika poro malaikat tersebut wonten nduwurw awan. Poro jin munggah ke panggenan celak kalian awan. Poro jin mencuri dengar ketika poro malaikat sedang ngomong-ngomong di antara mereka tentang peristiwa-peristiwa ingkang bakal terjadi kados kematianipun tiyang tertentu, kelahiran bayi, diangkatipun tiyang menduduki jabatan tertentu utawi dipecatipun tiyang tertentu saking sebuah jabatan lan lintu-lintunpun ingkang Allah beritahukan maring poro malaikat.

Sebab memang Allah memberitahu poro malaikat, poro nabi lan poro wali tentang sebagian perkawis ghaib lan mboten memberitahukan sedoyo perkawis ghaib. Sak sampunipun poro jin meniko mencuri dengar saking poro malaikat, selajengipun mereka mandap dateng bumi. Selajengipun mereka memberitahukan hal meniko maring tiyang-tiyang ingkang kekancan kalin jin meniko saking kalangan menungso. Sebab ingkang dilakukan kalian poro jin niku mencuri dengar, mongko nopo ingkang mereka dengar saget sesuai kalian nopo ingkang dibicarakan kalian poro malaikat, lan saget ugi mboten sesuai. kathah salahipun ketimbang leresipun.

Hadirin rahimakumullah,

Monggo kito waspadai malih tiyang-tiyang ingkang ngaku-ngaku sakit ngadiraken malaikat lan roh tiyang ingkang sampun mati, padahal kenyataanipun ingkang dipun dugeaken niku jin. Roh tiyang ingkang bertakwa mboten bakal wangsul dateng ndonyo, meskipun tiyang meniko nguasai ndonyo lan sedoyo isinya. Anapun rohipun tiyang kafir wonten kekuasaanipun poro malaikat penyiksa. Sampun pertelo, poro pembohong meniko mboten saget narik lan ngrebut roh tiyang kafir saking poro malaikat penyiksa. Dados ingkang dugi wonten adepanipun tiyang meniko, mboten wonten sanes kejawi jin ingkang rumiyen semesrep keadaanipun tiyang ingkang tiyang ingkang sampun ninggal lan urip sareng piambak e. Mungkin jin qarin-nipun utawi jin lintu ingkang semerep tiyang meniko, sehinggo jin meniko ngapusi lan dawuh: “Aku roh e si Fulan.”

Anapun tiyang ingkang mengulang-ulang waosan ayat tertentu kanti jumlah tertentu kanti tujuan ingkang sahe, mongko perbuatan meniko mboten nyalahi syariat. Sebab tiyang kados meniko saget mawon dipun dugeni kaian mala’ikatur-rahmah (para malaikat ingkang mbeto rahmat) disebab aken berkah ayat kolo wau. Anpun tiyang ingkang bertujuan dunia mboten bade dipun dugeni kalian mala’ikatur-rahmah.

Hadirin jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah,

Monggo kito marek maring poro ulama soho poro kyai ingkang leres. Inggih meniko poro ulama ingkang saestu dados pewaris poro nabi ingkang sanad keilmuanipun sambung hinggo Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam. Inggih meniko kanti nimbo ilmu saking poro ulama kolo wau, sehingga kito mampu mbedaaken antawisipun ulama ingkang leres lan ingkang namung ngaku-ngaku sebagai ulama padahal sejatosipun piyambak e naming seorang dukun utawi peramal.

Syekh ‘Abdul Wahhab asy-Sya’rani rahimahullah wonten kitab ipun, Latha-if al Minan wa al Akhlaq mengutip saking Ibnu ‘Arabi bahwa beliau dawuh:

مَنْ اَرَادَ أَنْ لاَ يَضِلَّ فَلاَ يَرْمِ مِيْزَانَ الشَّرِ يْعَةِ مِنْ يَدِهِ طَرْ فَةً عَيْنٍ بَلْ يَسْتَصْحَبُهَا لَيْلاً وَنَهَارًا عِنْدَ كُلِّ قَوْلٍ وَفِعْلٍ وَعْتِقَادٍ

“Sinten mawon ingkang mboten pengen kesaar, mongko ojo mbuang timbangan syari’at saking tanganipun meskipun namung sekejap mripat, swalik e kedah selalu mbeto timbangan meniko wonten dalu lan siang hari, ngiringi saben-saben perkataan, perbuatan lan keyakinan.”

Hadirin rahimakumullah,

Kito mboten bakal gadah timbangan syari’at tanpo nimba ilmu agami saking poro ulama Ahlussunnah ingkang saget dipun percados. Setiap kito rawuh wonten majelis-majelis ilmu agami, mongko bakal semakin kiat timbangan syari’at wonten tangan kito. Tiyang ingkang mempelajari lan memahami ilmu agami kanti sahe, mongko tiyang meniko saget mbedakan antwispun ingkang sahe lan ingkang awon, antawisipun ingkang terpuji lan ingkang keji, antawisipun ingkang halal lan ingkang haram, antawisipun ingkang kufur lan keimanan, antawisipun kiai lan peramal, antawisipun ustadz lan dukun lan antawisipun ulama lan penyihir.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Mekaten khutbah singkat wonten siang ingkang penuh keberkahan meniko. Mugi-mugi saget manfaat lan mbeto barakah bagi kito sedoyo. Amin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ. وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَيَا فَوْزَ الْمُسْتَغْفِرِيْنَ وَيَا نَجَاةَ التَّائِبِيْنَ

KHUTBAH JUMAT KEDUA

 اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ  

أَمَّا بَعْدُ. فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فْي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ   اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ.

اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ  

عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهَى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ  

Pos terkait