Rezeki Orang Beriman dan Bertakwa, Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF Terlengkap

Ilustrasi Rezeki
Ilustrasi Rezeki

Mugi-mugi anggenipun nguataken iman lan takwa meniko, kito dipun catet deneng malaikat-malaikat Allah, mlebet wonten kaum utowo golongan tiang ingkang mukminin lan muttaqin. Amin. 

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang minulyo,

Bacaan Lainnya

Golongan tiang mukmin (tiang ingkang iman) lan muttaqin (tiang ingkang takwa) meniko, miturut Allah swt, inggih puniko golongan ingkang bade dipun tulung lan dipun panggenakan wonten ing papan palenggahan ingkang sae. Tiang iman lan takwa ugi bade tansah dipun sukani dalan saking sedoyo keruwetan gesang wonten ing alam dunyo. Golongan ingkang saget terus nguataken iman lan takwa ugi bade dipun sukani rezeki saking arah ingkang dipun mboten nyono-nyono.

Meniko sampun dipun tegesaken deneng Allah swt wonten ing Al-Qur’an surat ath-Thalaq ayat 2:

   وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مَخْرَجًا

Ayat meniko negesaken dateng sinten mawon ingkang takwa utowo wedi dateng Allah swt, moko tiang niku bade dipun gampangake dalanipun saking perkoro ingkang angel. Ayat meniko lajeng dipun terasaken kalian ayat selajengipun inggih puniko ayat ketigo:

   وَّيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُۗ وَمَنْ يَّتَوَكَّلْ عَلَى اللّٰهِ فَهُوَ حَسْبُهٗۗ اِنَّ اللّٰهَ بَالِغُ اَمْرِهٖۗ قَدْ جَعَلَ اللّٰهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا  

Artosipun : “Allah paring rezeki marang wong iku soko kang ora kiniro-iro. Sing sopo sumarah pasrah ing Allah, panjenengaNe (Allah) bakal anyukupi marang dheweke. Mangertio sanyoto Allah iku mesthi angleksonoake prekoroNe, Allah andamel samubarang iku wus kanthi papestheNe”.

Ma’asyiral Muslimin sidang Jumat ingkang minulyo

Saking kalih ayat Al-Quran meniko sampun jelas, dene Allah swt ngajaraken dateng kito sedoyo supados yakin dene sedoyo wonteng ing alam dunio meniko wonten ing kuosonipun Allah. Kito mboteng angsal cilik ati lan was-was dateng rezeki nopo ingkang bade dipun cepeng dateng kito wonten ing dinten mbenjang.

Sedoyo sampun dipun toto lan atur deneng Allah lan kito namung dipun perintah makaryo utowo usaha kalian dipun iringi dungo dateng Allah swt. Menawi raos pasrah meniko kito lampahi kanthi ikhlas, lajeng dipun iringi raos iman lan taqwa, insyaallah, Allah swt tansah maringi rezeki saking dalan utowo arah ingkang mboten dipun dugo-dugo.

Perlu kito renungi lan sadari ugi, naminipun rezeki saking Allah swt meniko mboten anamung rezeki ingkang wujud dhahir utowo arupi bondo. Ananging, rezeki ugi katah ingkang wujud bathin kados raos sehat, wekdal sempet lan sapinunggalipun sedoyo.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait