Ibadahnya Orang Miskin Lebih Tinggi Daripada Orang Kaya, Teks Khutbah Jumat NU PDF Bahasa Jawa Lengkap Dengan Doanya

Ilustrasi Pahala Sedekah
Ilustrasi Pahala Sedekah

Menikolah poro sahabat jaman rumiyin, sing diireni mboten keranten tanggine sugih mergo saghet tumbas perabotan lan lintunipun. Ingkang diprotes amergi persaingan ing amal utawi kebagusan. Tiyang fakir meniko saghet sami kaliyan tiyang sugih ing dalem amal saleh kadhos shalat, shiyam, jihad dan sejenisipun. Ananging tiyang mampu saghet ngungguli ing dalem amalan-amalan ingkang betahaken arto kadhos; zakat, sedekah, bantu tiyang kurang mampu lan lintunipun. Para sahabat ingkang miskin mboten terami ningali kenyataan meniko.

Naliko mirengaken sambatipun poro sahabat fakir meniko Rasulullah SAW banjur maringi kabar lanjutan bilih wonten amalan menawi poro fakir saghet ngelampahi kelawan ajeg, mongko saghet madani, malah nyalip utawi ngungguli saking sahabat sugih. Hadits meniko lanjutan saking sakderenge, Rasulullah dawuh:

Bacaan Lainnya

قَالَ « أَلاَ أُحَدِّثُكُمْ بِأَمْرٍ إِنْ أَخَذْتُمْ بِهِ أَدْرَكْتُمْ مَنْ سَبَقَكُمْ وَلَمْ يُدْرِكْكُمْ أَحَدٌ بَعْدَكُمْ ، وَكُنْتُمْ خَيْرَ مَنْ أَنْتُمْ بَيْنَ ظَهْرَانَيْهِ ، إِلاَّ مَنْ عَمِلَ مِثْلَهُ تُسَبِّحُونَ وَتَحْمَدُونَ ، وَتُكَبِّرُونَ خَلْفَ كُلِّ صَلاَةٍ ثَلاَثًا وَثَلاَثِينَ » . فَاخْتَلَفْنَا بَيْنَنَا فَقَالَ بَعْضُنَا نُسَبِّحُ ثَلاَثًا وَثَلاَثِينَ ، وَنَحْمَدُ ثَلاَثًا وَثَلاَثِينَ ، وَنُكَبِّرُ أَرْبَعًا وَثَلاَثِينَ . فَرَجَعْتُ إِلَيْهِ فَقَالَ « تَقُولُ سُبْحَانَ اللَّهِ ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ ، وَاللَّهُ أَكْبَرُ ، حَتَّى يَكُونَ مِنْهُنَّ كُلِّهِنَّ ثَلاَثًا وَثَلاَثِينَ

Artosipun: Opo siro kabeh gelem tak wehi amalan yen umpomo siro kabeh, ngelakoni mongko iso madani lan ngungguli wong-wong sak durunge lan wong sak marine siro kabeh?. “Purun kanjeng Nabi”, jawab poro sahabat miskin meniko. “Siro kabeh mocoho tasbih (artosipun mahos subhanallah), lan tahmid (inggih mahos alhamdulillah) dan takbir (maksudipun mahos kalimat Allahu akbar) tiap sak marine shalat fardhu akehe ping 33 (ing riwayat lintu disebataken kapeng 10).”

Jamaah Jumat Ingkang Bahagio

Akhiripun poro sahabat fakir meniko wangsul kelawan bungah. Ing atine marem keranten kelawan istiqomah mahos subhanallah, alhamdulillah lan allahu akbar sak mantunipun shalat fardhu, ternyata saghet ngungguli amalipun sahabat ingkang sugih.

Hadits meniko ngimutaken dumateng kito sedoyo bilih senahoso awak kito termasuk tiyang fakir lan miskin. Mboten wonten arto ingkang badhe didamanel berjuang, tapi kedah tetep istiqomah mahos kalimah thayyibah kadhos ingkang sampun diajaraken baginda Rasul. Mboten wonten alasan, aku lak miskin, yo wis ngini wahe gak usah lapo-lapo.

Allah sampun garisaken bilih teng dunyo meniko wonten tiyang ingkang ditakdiraken sugih lan cukup ing dalem urusan duniawi. Kerjo kedhik, sampun hasil. Ikhtiar utawi usaha mboten ngantos soro, eh ternyata koyonipun lumayan. Tapi mboten sekedik sederek kito ingkang sampun berusaha sekuat tenaga, malah ngantos padhos utangan teng tanggi, teng sederek lan bank, tapi hasilipun dereng sesuai harapan.

Milo ing kesempatan ingkang sahe meniko, monggo sami-sami imut, iling supados istiqomah wiridan, mahos subhanallah, alhamdulillah lan allahu akbar naliko mantun shalat.

Jamaah Jumat Ingkang Minulya

Kito kedah bersyukur, poro ulama sampun ngerangkai wiridan mantun shalat meniko kadhos ingkang sampun kito lampahi. Tapi pangapunten, kebiasan lan kesempatan maos subhanallah, alhamdulillah, allahu akbar kaping 10 utawi 33 meniko langkung gampil menawi kito lampahi kelawan shalat berjamaah. Keranten mboten sekedik menawi shalat piyambak mboten sempat wiridan senahoso sakantawis. Milo ing kesempatan ingkang sahe meniko kaulo ngajak dateng awak lan jamaah ingkang berbahagia, monggo sami rawuh dateng masjid utawi mushalla kangge ngelaksanaaken shalat jamaah gangsal wekdal. Kito ngelaksanaaken anjuranipun kanjeng Nabi meniko kelawan manut imam, termasuk dungonipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait