Jangan Sombongkan Amal Ibdahamu, Contoh Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat PDF

Ilustrasi Orang Melaksanakan Sholat
Ilustrasi Orang Melaksanakan Sholat

Ayat niki ngelarang kito rumahos kapegot saking rahmat Allah. Kadospundi kito rumahos kapegot menawi mboten memahami hakikat rahmat meniko. Setunggale hadits dawuh:

لا يُدْخِلُ أَحَدًا مِنْكُمْ عَمَلُهُ الْجَنَّةَ، وَلَا يُجِيرُهُ مِنَ النَّارِ، وَلَا أَنَا إِلَّا بِرَحْمَةٍ مِنَ اللهِ

Bacaan Lainnya

Artosipun: Mboten wonten amalan setunggaling tiyang ingkang saget mlebetaken wonten suwargo lan nyelametaken saking geni neroko, ugo kulo piyambak, kejobo kelawan pitulung rahmate Gusti Allah (HR Muslim).

Estu leres bilih dipun ngendika’aken mlebet suwargo mboten disebabake katah amal ibadah lan kesaenan ananging sebab rahmate Gusti Allah. Sinaoso mekaten mboten leres menawi nganggap amal ibadah lan kesaenan mboten nggadah faidah akhire aras-arasen ngelampahi amal kesaenan, bahkan mamang kaliyan tujuan amal ibadah lan kesaenan wonten dunyo meniko.

Wonten setunggale kisah malaikat Jibril nate dawuh: Saktemene rumiyin enten tiyang saleh, manggon teng salah setunggal gunung ingkang inggil. Keranten inggilipun, malaikat Jibril menawi bade teng alam dunyo mesti ngelewati gunung niku. Sinaoso lokasi gunung niku mboten ombo, ananging tiyang saleh niki saget nyukupi kebutuhan saben dintenipun. Menawi lesu dan ngelak saget mendet teng sekitar gunung meniko. Kebutuhan tuyo kangge wudhu lan siram sampun cumawis.

Milo piyambakipun saget fokus ibadah ngantos limangatus tahun laminipun. Saben dintenipun uripe diisi ibadah, bermunajat, dungo, sehinggo mboten saget ngelampahi duso,  nopo malih duroko marang Allah. Setunggal dungo ingkang disuwun inggih meniko saget mati naliko sujud. Mekatenlah, akhiripun tiang saleh meniko sedo ngantos umur limangatus tahun.

Sakmantunipun sedo, piyambakipun ditimbali gusti pengeran. He wong shaleh, lantaran rahmat-Ku, awakmu arep tak lebokne suwargo. Mirengaken meniko, tiyang niki mboten nerami. Keranten piyambakipun rumahos bilih lantaran amal lan ibadahipun selama limangatus tahun tanpa duso menikolah ingkang nyebabi layak mlebet suwargo, mboten keranten rahmate Gusti Allah.

Keranten protes mekaten, Allah nugasaken malaikat kangge ngitung lan nimbang sedoyo amal ugi ibadahe tiyang saleh niku selama limangatus tahun tanpo duso, ingkang diandalaken piyambake minongko dados modal lantaran mlebet suwargo.

Saklajengipun amale ditimbang lan dibandingaken kaliyan rahmat Allah. Nyatane rahmat Allah ingkang diterami tiyang saleh arupi nikmat mripat mawon nyatane langkung abot tinimbang ibadahe selama limangatus tahun. Dereng nikmat anggota badan lintune, utek, tangan, sikil, lan sak piturutipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait