Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat: Dua Macam Dosa Yang Harus Dihindari

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat
Ilustrasi Dosa

Maksud duso dzohir meniko wujude jelas, saget dipun pirsane kaliyan peningal utawi mirengaken kaliyan kuping kita. Misal, omben-omben ingkang mendemi, judi, zina,  mateni tiyang lan sak pitunggalane. Lajeng maksude duso batin meniko wujude mboten jelas, mboten ketingal mripat, kadose dene sombong, ujub, riyak, ghibah lan lintu lintunipun.

Hadirin ingkang sami bahagio

Bacaan Lainnya

Kedah kito mangertosi bilih katah tiyang ingkang dereng sadar lan dereng saged nyegah tumindak duso. Tasih katah sederek kito ingkang dereng saget nyegah nginum sajeng arak lan sejenisipun, ugi dereng saged njogo manahipun saking tumindak maksiyat (duroko). Katah sederek muslim ingkang tasih gumede, kemlelet, pamer, ngeremehaken tiyang sanes. Mila leres menawi para alim dawuhaken bilih duso batin meniko langkung angel kita tebihi tinimbang dosa dzahir, sinaoso kekalihipun penting sanget dipun resiki.

Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:

أَلَا إِنَّ فِي الجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الجَسَدُ كُلُّهُ ، وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الجَسَدُ كُلُّهُ؛ أَلَا وَهِيَ القَلْبُ

Artosipun: Weruho siro sak temene ono ing jerone awak iki ono getih sak kepel, nalika getih iku bagus mongko bakal bagus sak awak kojor, naliko getih itu olo mongka dadi olo sak awak kojur. Ngertenono yento getih sak kempel iku sing di arani manah/ati.

Hadits meniko mertelaaken bilih ingkang dadosaken sae utawi rusake poro manungso meniko manah/ati ingkang ketutup kaliyan tindak lampah maksiyat. Naliko ati rusak, otomatis jasad nggih inggal rusak. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:

إِنَّ اللَّهَ لاَ يَنْظُرُ إِلَى صُوَرِكُمْ وَأَمْوَالِكُمْ وَلَكِنْ يَنْظُرُ إِلَى قُلُوبِكُمْ وَأَعْمَالِكُمْ

Artosipun: Sak temene gusti Allah ora bakal mirsani marang bentuke fisik lan dudu bondo siro kabeh, Allah bakal mirsani marang atine lan amale siro kabeh.(HR. Muslim)

Jamaah Jumat Rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait