Khutbah Jumat Nuzulul Qur’an PDF Terbaru, Empat Keutamaan Membaca Al-Qur’an (B. Jawa)

Khutbah jumat tentang Nuzulul Quran
Ilustrasi Nuzulul Quran

اقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِي خَلَقَ. خَلَقَ الْإِنسَانَ مِنْ عَلَقٍ. اقْرَأْ وَرَبُّكَ الْأَكْرَمُ. الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ. عَلَّمَ الْإِنسَانَ مَا لَمْ يَعْلَمْ

Pramilo, Ramadhan ugi dipun wastani Syahrul Qur’an utawi wulan Al Qur’an. Al Quran meniko dados petunjuk lan gadah pinten-pinten keistimewaan. Al Qur’an meniko kitab ingkang nyempurnaaken kitab-kitab Allah ingkang sampun diturunaken sak derengipun. Al Qur’an ugi dados salah setunggal mujizat Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Wonten ing Ramadhan 1443 Hijriyah utawi tahun 2022 Masehi meniko, Nuzulul Qur’an ingsya Allah dinten Selasa, 19 April 2022 utawi 17 Ramadhan. Milo mboten heran katah masyarakat ingkang meringati kelawan macem-macem coro. Mulai ngawontenaken kegiatan ten masjid utawi mushola, buka bersama, ngantos ngatamaken Al Qur’an.

Sedoyo meniko dalam rangka hormat dateng mandhap ipun Kalamullah arupi Al Qur’anul Karim. Kegiatan meniko ugi dados pengeling lan nancepaken nilai-nilai Islam khusus ipun dateng anak-anak generasi selajengipun.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah..

Katah sanget keistimewaan ingkang saget kito pendhet saking Al Qur’an. Nopo maleh kito purun maos lan ngamalaken ing wulan Ramadhan. Ing antawis ipun sekawan (4) keistimewan Al Qur’an inggih meniko:

1. Angsal Syafaat ing dinten kiamat

Dipun jelasakan wonten hadist Riwayat Muslim bilih tiang ingkang maos Al Qur’an angsal Syafaat ing dinten kiamat. Tentu, kelawan waosan ingkang leres, tajwid lan makhorijul huruf ipun leres.

اقْرَءُوا الْقُرْآنَ فَإِنَّهُ يَأْتِي يَوْمَ الْقِيَامَةِ شَفِيعًا لِأَصْحَابِهِ

“Moco siro ing Al Qur’an, sebab dewek e bakal teko ing dino kiamat wenehi syafaat nang sopo wae sing moco Al Qur’an.”(HR. Muslim)

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait