Download Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru PDF Tahun 2021, Durasi 15 Menit

Ilustrasi ibadah kepada Allah SWT
Ilustrasi ibadah kepada Allah SWT

Namung ilmu engkang saget anjagi lestarinipun syariat agami Islam.  Kranten meniko, Islam sanget mulyaaken ilmu. Sedoyo isinipun ndunyo meniko di[pun laknat kejawi ilmu lan dzikir datenga Allah. Islam paring pangebang-ngebang ganjaran ageng kagem tyang engkang purun ngajaraken ilmu lan belajar ilmu. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:

مَنْ غَدَا إِلَى الْمَسْجِدِ لَايُرِيْدُ إِلَّا أَنْ يَتَعَلَّمَ خَيْرًا أَوْ يُعَلِّمَهُ كَانَ لَهُ كَأجْرِ حَاجٍّ تَامٍّ حِجَّتَهُ (رواه الطبراني)

Bacaan Lainnya

Sopo wonge budal marang masjid, ora niyat mung belajar kesaenan utawi mulangaken kesaenan, mongko kanggo dewekne ganjarane wong haji kang nyampurnakne hajine. (HR. ath-Thabrani)

Dzikir badane shalat Shubuh hinggo shalat Dhuha

Supados ngasilaken ganjaran engkang sepadan kalian haji lan umroh, kitha kedah dzikir milai ba’da sholat Shubuh hinggo wekdal manjingipun sholat Dhuha, lajeng dipun tutup kalian sholat sunnah kalih rokaat. Amalan meniko saget andatengaken ganjaran kados ganjaranipun haji lan umroh, Rasulalloh Muhammad saw dawuh:

مَنْ صَلَّى الْغَدَاةَ فِي جَمَاعَةٍ ثُمَّ قَعَدَ يَذْكُرُ اللَّهَ حَتَّى تَطْلُعَ الشَّمْسُ ثُمَّ صَلَّى رَكْعَتَيْنِ كَانَتْ لَهُ كَأَجْرِ حَجَّةٍ وَعُمْرَةٍ تَامَّةٍ تَامَّةٍ تَامَّةٍ (رواه الترمذي)

 “Sopo wonge sholat Shubuh kanthi jamaah, banjur lungguh dzikir nyebut Alloh hinggo metune serngenge, banjur sholat rong rokaat, mongko dewekne oleh ganjarane haji lan umroh, sempurno, sempurno, sempurno.(HR. Tirmidzi)

Mbantu nyukupi hajate sedulure

Termasuk ibadah sosial engkang ganjaranipun sepadan kalian haji lan umroh inggih meniko paring pambiyantu dateng tyang sanes engkang ambetahaken bantuan. Amalan meniko saget andatengken ganjaran sami kalian ganjaranipun haji lan umroh. Kanjeng Nabi Muhammad saw dawuh:

 مَنْ مَشَى فِي حَاجَةِ أَخِيهِ أَظَلَّهُ اللَّهُ بِخَمْسَةٍ وَسَبْعِينَ أَلْفِ مَلَكٍ حَتَّى يَفْرُغَ, فَإِذَا فَرَغَ كُتِبَ لَهُ أَجْرُ حَجَّةٍ وَعُمْرَةٍ (رواه الخرائطى)

Sopo wae paring pambiyantu marang sedulure, Alloh bakal ngiyup-ngiyupi kalian 75.000 malaikat hinggo rampung anggone paring pambiyantu. Yen dewekne wes rampung anggone paring pambiyantu, ditulis kanggo dewekne ganjaran haji lan umroh.(HR. al-Kharaithi)

Budal awal sholat Jum’at lan nunggu sholat Asar kanti jamaah

Maasyirol muslimin, hafidzo kumulloh

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait