Teks Khutbah Jumat NU Bahasa Jawa: Memaknai Takwa di Bulan Syawal

Ilustrasi Keutamaan Bulan Syawal
Ilustrasi Keutamaan Bulan Syawal

Maksudipun supados umat Islam luweh semangat anggnipun ningkataken amal ibadah, menjauhi perbuatan tercela lan bujukan syaithan. Rasulullah SAW bersabda:

إِذَا دَخَلَ شَهْرُ رَمَضَانَ فُتِّحَتْ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَغُلِّقَتْ أَبْوَابُ جَهَنَّمَ وَسُلْسِلَتْ الشَّيَاطِينُ

Bacaan Lainnya

Artosipun: “Nalikane manjing wulan Ramadhan, dibuka pintu-pintu langit dan ditutup pintu-pintu neraka serta diikat para syaitan.” (HR. Bukhari).

Ingkang dados perhatosan kito inggih puniko wulan Romadlon sampun ninggalaken kito. Kito masuk wulan syawwal. Kados pundi anggen kito tetep istiqomah lan konsisten ngelampahi taqwa kados wonten ing wulan Romadlon. Menikolah dados perhatosan kito Nopo to lelampahan taqwa kanti berjamaah sholat, bersedekah, sholat malam, maos Alqur’an tetep kito lampahi wonten syawwal meniko.

Nopo malah kosok wangsulipun wonten ing syawwal meniko sesuai kaliyan maknanipun syawwal inggih puniko lepas bebas ingkang saget mawon dimaknai lepas bebas kanti negative inggih puniko bebas anggenipun ngelampahi nopo kemawon, Nopoto wonteng ing Syawwal meniko pintu neraka sampun dibuka lan syaitan sampun dilepas hinggo kemaksiatan merajalela maleh.

Dalam kenyataan kito mirsani tempat-tempat maksiat sak bibaripun romadlon milai dibuka maleh bahkan cenderung ramai baik meniko wonten tempat prostitusi, klub malam, café lan lintunipun.

Menikolah damel perhatosan kito, bilih wulan syawwal artosipun lepas bebas menuju perihal ingkang positif inggih puniko lepas menuju fitrah lepas saking genggaman perbuatan maksiat ingkang sampun kito ugemi wonten ing wulan romadlon hingga ing wulan syawwal meniko kito menuju kesempurnaan ingkang suci lan fitri. Tebih saking dosa lan kesalahan, amargi sampun nampi ampunan saking Allah, atas dosa lan kesalahan dumateng Allah.

Hadirin rahimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait