وَعَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ رضي الله عنه أَنَّ رَجُلاً قَالَ: يَا رَسُولَ اللّٰهِ، أَوْصِنِيْ. فَقَالَ: لَا تَغْضَبْ. فَرَدَّدَ مِرَارًا. قَالَ: لَا تَغْضَبْ. أَخْرَجَهُ اَلْبُخَارِيُّ
Artosipun, “Diriwayatakan saking Abu Hurairah RA, estu wonten setunggaling tiyang jaler matur dhateng Rasullullah SAW: ‘Rasulullah SAW, berwasiatlah dhateng kula.’ lajeng piyambakipun mangsuli: ‘Ojo nesu/srengen.’ Tiyang jaler puniku lajeng mengulang-ulang nyuwun nasihat datheng Kanjeng Nabi. Rasulullah nggih tetep mangsuli: ‘Ojo nesu/srengen,” (HR al-Bukhari).
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,
Kadhang kita sampun usaha nahan dhiri kangge ngendalikaken nesu/srengen, nanging wonten mawon tiyang ingkang mancing-mancing emosi kita. Lajeng kedah pripun sikap kita?
Sayyidina Mu’awiyah ingkang terkenal dados Ahlamul ‘Arab utawi tiyang arab ingkang paling bijak lan mampu ngendalikaken kemarahan saget dipundadosaken teladan/contoh.
Piyambakipun gadhah prinsip mboten nate nesu/srengen, baik dhateng tiyang ingkang mampu dipun wales utawi dhateng tiang ingkang mboten dipun wales.
Setunggaling wongso wonten tiyang ingkang sumbar saged ndamel Sayyidina Mu’awiyah nesu/srengen. Lajeng tiyang menika berangkat dhateng dalemipun Sayyidina Mu’awiyah kelawan mboten sopan lan ngucap kasar:
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..