Khutbah Jumat Terbaru PDF: Perintah Berbuat Baik Kepada Tetangga (B. Jawa)

Berbuat Baik Kepada Tetangga
Berbuat Baik Kepada Tetangga

وَاعْبُدُوا اللّٰهَ وَلَا تُشْرِكُوْا بِهٖ شَيْـًٔا وَّبِالْوَالِدَيْنِ اِحْسَانًا وَّبِذِى الْقُرْبٰى وَالْيَتٰمٰى وَالْمَسٰكِيْنِ وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى وَالْجَارِ الْجُنُبِ وَالصَّاحِبِ بِالْجَنْۢبِ وَابْنِ السَّبِيْلِۙ وَمَا مَلَكَتْ اَيْمَانُكُمْ ۗ اِنَّ اللّٰهَ لَا يُحِبُّ مَنْ كَانَ مُخْتَالًا فَخُوْرًاۙ

Artosipun: Lan nyembaho siro kabeh marang Gusti Allah lan ojo nyekutoaken kelawan suwiji-wiji, lan bagusono wong tuo loro, kerabat, bocah yatim, tiyang miskin, tetonggo celak lan tebih, konco raket, lan ibnu sabil, lan kawulo. Saktemene Gusti Allah iku ora demen wong kang sombong tur ageng-agengan (Al-Nisa:36)

Bacaan Lainnya

Hadirin ingkang bahagio

Wonten ing ayat meniko, kito dipun printahaken supados nyembah dumateng Allah lan mboten nyekutoaken Gusti Allah. Lajeng dipun printah mbagusi dateng tiyang sepuh kaleh, termasuk ugi dipun printahaken mbagusi dateng tetonggo.

Lafadz وَالْجَارِ ذِى الْقُرْبٰى (tetonggo ingkang celak) wonten ing ayat meniko tegese tonggo ingkang tasih wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahdi soho Imam Ad-Dohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tetonggo ingkang celak meniko tetonggo ingkang agami Islam.

Lajeng pepertelan lafadz وَالْجَارِ الْجُنُبِ (tanggi ingkang tebih) wonten ing ayat meniko tetonggo ingkang mboten wonten hubungan famili, kados pendapatipun Imam Ikrimah, Imam Mujahid soho Imam Ad-Dohhak. Miturut riwayat Ibnu Jarir soho Abi Hatim, maksud tanggi engkang tebih meniko tetonggo ingkang mboten seagomo Islam kaliyan kito.

Ma’asyirol muslimin rahimakumulloh

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait