Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Padat PDF: Belajar Dari Hewan Lebah dan Lalat

Hikmah Lalat dan Lebah
Hikmah Lalat dan Lebah

Lan kebiasaan punika dadosaken piyambakipun dados pribadi ingkang resik lan tresna dhateng kebersihan, sehingga kebersihan punika mbekta kesaenan kangge piyambakipun sedaya lan makhluk ingkang wonten ing sekitaripun inggih punika madu ingkang manfaat kangge gesang sanesipun.

Benten kaliyan laler, gesangipun bergerombol lan manggen ing papan sampah tanpa nggadhahi griya ingkang tetep, manggen ing panggenan-panggenan ingkang jorok lan reged, mila pribadi piyambakipun sedaya ugi biasa nglampahaken hal ingkang reged lan awon.

Bacaan Lainnya

Jamaah shalat jumah ingkang dirahmati dening Allah

Kaping Tiga: Karakter Ukhuwah

Karakter ukhuwah inggih punika pasedherekan ingkang luar biasa sanget, dados piwucalan kangge kita. Kita tingali kados pundi piyambakipun sedaya ngempalaken sari sekar saking sakedhik saya sakedhik, malah sari sekar ingkang dipunbekta kangge dipunkempalaken ing sarang langkung ringan saking badanipun.

Nanging keranten tawon madu nglampahaken tanpa mendel lan mboten wonten iri manah, piyambakipun sedaya nglampahakenipun kaliyan kebak kesadaran lan kesungguhan sehingga terkumpulah madu.

Lan sampun cobi-cobi mengusik tawon madu, umpami wonten gangguan, tawon ingkang sanes mesthi ngrencangi lan nyerang sinten ingkang ganggu. Tawon madu mboten purun ganggu nanging menawi diganggu mila piyambakipun bakal menyerbu.

Benten kaliyan laler, laler punika nyambut damel piyambak-piyambak lan kangge kepentingan piyambak, malah sering laler saling rebutan dahar. Menawi wonten gangguan dhateng kelompokipun, mila sami mlayu piyambak-piyambak, mboten bantu rencang sanesipun.

Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati dening Allah

Karakter tawon madu lan laler inggih punika perumpamaan kepribadian lan karakter manungsa. Wonten manungsa ingkang nggadhahi kepribadian kados tawon madu lan sebagian wonten ingkang nggadhahi kepribadian kados laler.

Bilih manungsa nggadhahi kepribadian kados tawon madu lan gesang kados tawon madu, mila sedaya ingkang wonten ten lingkunganipun angsal manisipun kesaenan lan manfaat saking kesaenan ingkang dipunsebaraken.

Nanging, bilih manungsa nggadhahi kepribadian kados laler lan gesang kados laler, mila gesang namung nyebaraken kuman, penyakit, virus, bakteri lan racun ingkang badhe bahayani utawi paring mudharat kangge sedaya ingkang wonten lingkunganipun.

Jamaah shalat jumah ingkang dirahmati dening Allah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait