Download Materi Khutbah Jum’at Tentang Mengobati Penyakit Hati Riya’ (B. Jawa)

Ilustrasi Berdzikir
Ilustrasi Berdzikir

Pramila sumangga kita dandosi manah kita kelawan nerapaken adab-adab ingkang dipunwucal lebet Islam secara lahir lan batin. Kita obati manah kelawan ndherek ajaranipun Allah ta’ala lan Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam.

Kita obati manah kita amargi manah nggadhahi penyakit-penyakit ingkang mboten saged diobati dening para dokter. Penyakit-penyakit manah punika namung saged diobati kelawan temen-temen ndherek perintahipun Allah lan Rasul-ipun.

Bacaan Lainnya

Maasyiral muslimin rahimakumullah,

Ing antawisipun penyakit manah inggih punika riya’, inggih punika nglampahaken bentuk ketaatan supados dipuntingali dening tiyang sanes kaliyan tujuwan ngajeng-ajeng pujian saking piyambakipun. Allah ta’ala berfirman:

 (وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ (سورة البيّنة: ٥

Artosipun: “Padahal dheweke kabeh ora diperintah kajaba supaya manembah allah karo memurnikan ketaatan dhateng Allah,” (QS Al Bayyinah: 5)

Maasyiral muslimin rahimakumullah,

Sumangga kita ikhlaskan niat tansah namung keranten Allah ta’ala lan sampun ngantos dhawah ing maksiat riya’. Sahabat Abu Hurairah Radliyallahu ‘anhu meriwayatkan hadits qudsi menawi rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda, Allah berfirman:

 أَنَا أَغْنَىْ الشُّرَكَاءِ عَنِ الشِّرْكِ مَنْ عَمِلَ عَمَلاً أَشْرَكَ فِيْهِ مَعِيْ غَيْرِيْ تَرَكْتُهُ وَشِرْكَهُ (رواه مسلم) ـ

Artosipun: “Aku ora nampa tujuwan liya jroning amal, sapa wonge nglakoni siji amal penggawean lan nduweni tujuwan liya saliyane ridha-ku, mula aku nakal ninggalake lan ora nampa amale” (HR Muslim)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait