4 Penyesalan Orang yang Sudah Meninggal – Khutbah Jumat Singkat PDF (B. Jawa)

Ilustrasi Penyesalan Orang yang Sudah Meninggal
Ilustrasi Penyesalan Orang yang Sudah Meninggal

Estu, gesang punika namung sekumpulan dinten. Kita gesang, gerak, ambekan, lan beraktivitas ngantos malaikat maut mendhet nyawa kita. Sedaya aktivitas bakal mendel nalika nyawa sampun dipuncabut saking badan.

Estu pejah punika mesthi dugi. Tanpa sangu iman, takwa, lan amal saleh ingkang cekap, kondisi kita sasampunipun pejah bakal gethun (menyesal). Gethun ingkang mboten bakal wonten ujung pungkasanipun.

Bacaan Lainnya

Allah piyambak sampun paring peringatan dhateng kita. Allah sampun maringi gambaran tiyang-tiyang ingkang sami gethun lantaran firmanipun Allah SWT. Pramila, sumangga kita renungi sekawan penyesalan utawi gethune tiyang nalika sampun pejah.

Kaping sepindah: Getunipun tiyang kafir kenging punapa rumiyin mboten dados Muslim

Ing akhirat mangke, tiyang-tiyang ingkang salami ing dunya kafir, mila piyambakipun bakal getun sanget. Piyambakipun sedaya berandai-andai, angen-angen kepingin nalika ing donya dados tiyang muslim.

Allah subhanahu wata’ala berfirman,

 رُبَمَا يَوَدُّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا لَوْ كَانُوْا مُسْلِمِيْنَ

“Wong kafir iku kadhang-kadhang (mengko ing akhirat) arep-arep, sekirane dheweke kabeh dhisik (ing donya) dadi wong Muslim.” (QS. al-Hijr: 2)

Allah subhanahu wata’ala wangsul negasaken,

 وَلَوْ تَرٰٓى اِذْ وُقِفُوْا عَلَى النَّارِ فَقَالُوْا يٰلَيْتَنَا نُرَدُّ وَلَا نُكَذِّبَ بِاٰيٰتِ رَبِّنَا وَنَكُوْنَ مِنَ الْمُؤْمِنِيْنَ

“Lan umpamen siro (Muhammad) nyawang nalika dheweke kabeh diadhepake menyang neraka, dheweke kabeh ngomong, “Seandaine kita dibalekake (menyang donya), tamtu kita ora arep dustakne ayat-ayat rabb kita, sarta dadi wong-wong kang podo Iman.” (QS. al-An’ām: 27)

Mila kita kedah bebungah, keranten sampun dados tiyang muslim. Monggo kita ugemi saestu Agami Islam punika dumugi pejah kita.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait