Lajeng ibu meniko nunjuk salah satunggaling menda paling murah sinambi tanglet: “Menawi ingkang meniko pinten pak?”
“ingkang meniko 2.700.000.- bu” wangsuli kula.
“Regi pasipun pinten?” tanglet si ibu…
“Nggih sampun 2.600.000.-” wangsuli kula.
“Nanging, arta kula namung 2.500.000. angsal nggih pak.” Panyuwunipun si Ibu.
Waduh, kula bingung, keranten niku regi modal. Lajeng kula rembug kaliyan rencang ing akhiripun dipunsukakaken mawon kaliyan regi meniko dhateng ibu kasebat. Lajeng kula kula ngater kewan qurban dhateng griyanipun.
Jamaah jum’at rahimakumullah
Nalika dugi dhateng griyanipun. Astaghfirullah…, Allahu Akbar… Kraos adem panas sedaya badan keranten ningali kawontenan griya ibu meniko.
Ternyata ten gubug ingkang badhe rubuh meniko namung wonten tiyang tigo, ibunipun lan puteranipun. Mboten wonten papan tilem kasur, kursi mbale, punapa malih perabot mewah utawi barang-barang elektronik.
Ingkang ketingal namung dipan kayu, klasa tikar lan bantal lusuh. Ing inggil dipan wonten setunggaling tiyang embah putri sepuh lan kurus lagi tilem.
“Mak, tangi mak, niki jenengan tingali kula bekta punapa?” tembung ibu meniko ing embah putri ingkang lagi tilem ngantos tangi.
“Mak, kula sampun tumbasaken emak menda damel qurban, mangke kita teraken dhateng masjid nggih mak.” tembung ibu meniko kelawan manah bungah.
Si embah putri kaget sanget, nanging ketingal jelas wajahipun bingah sanget, piyambakipun enggal mlampah medal kaliyan sempoyongan keranten umuripun sampun sepah.
Sinambi mengelus-elus menda, embah putri meniko ngucap: “Alhamdulillah, akhire iso berqurban.”
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..