Khutbah Jumat 7 Menit PDF Bahasa Jawa: Perintah Mendidik Anak Dengan Baik

Gambar ilustrasi mendidik anak
Gambar ilustrasi mendidik anak

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا وَقُودُهَا النَّاسُ وَالْحِجَارَةُ عَلَيْهَا مَلَائِكَةٌ غِلَاظٌ شِدَادٌ لَا يَعْصُونَ اللَّهَ مَا أَمَرَهُمْ وَيَفْعَلُونَ مَا يُؤْمَرُونَ

Artosipun: Hei wong kang podo iman, ngereksoho siro kabeh ing awak lan keluarga siro saking geni neroko, mulat-mulate neroko iku soko menungso lan watu, lan dijagi kaliyan malaikat kereng, kang ora maksiat marang perintahe Allah lan nindakaken nopo kiwamon ingkang diperintah Allah.

Bacaan Lainnya

Sahabat Ali njelasaken maksud ngerekso utawi njagi awak lan keluargo niku mulangi akhlak lan ilmu dumateng putro wayah.

Dawuh meniko paring pangertos bilih putro wayah meniko amanah, titipan saking Gusti Allah ingkang kedah kito jagi lan dipun sangoni ilmu lan akhlak, supados naliko sampun ageng dados tiyang Islam ingkang migunani lan nggadah akhlak mulyo. Tentu kito kedah mulang lan nyontoni awit alit.

Hadirin Rahimakumullah

Sakmangke katah putro wayah ingkang dipun tilar lan mboten dididik bab ilmu agomo, langkung-langkung bab akhlak, kranten tiyang sepahe sibuk makaryo.

Akhiripun morale mboten sesuai kaliyan ingkang kito harapaken. Padahal kito sedoyo kedah mbimbing lan maringi keilmuan ingkang saget nyelametaken saking bendune Gusti Allah.

Kanjeng Nabi dawuh:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait