Khutbah Jumat Sambut Maulid Nabi: Suka Cita Menyambut Bulan Rabiul Awal (B. Jawa)

ilustrasi khutbah jumat
ilustrasi khutbah jumat

Wonten ing sasi niki, yoiku Sasi Rabiul Awal utawi diarani Sasi Maulid. 14 Abad kepungkur, dipun lahiraken Nabi ingkang terakhir mboten sanes ingkang kaparingan Asmo Muhammad SAW.

Lha pripun kito mboten bebungah? Nabi Isa AS mawon ngeroso bungah manahipun atas kelahiran Nabi Muhammad SAW. Padahal Nabi Isa AS gesang sekitar 6 abad sak derengipun Rasulallah lahir. Saking bungahipun Nabi Isa ngantos dikabarakan wonten ing umatipun.

Bacaan Lainnya

Wonten Surat As-Saff (61) Ayat 6, Allah SWT dawuh:

وَاِذْ قَالَ عِيْسَى ابْنُ مَرْيَمَ يٰبَنِيْٓ اِسْرَاۤءِيْلَ اِنِّيْ رَسُوْلُ اللّٰهِ اِلَيْكُمْ مُّصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرٰىةِ وَمُبَشِّرًاۢ بِرَسُوْلٍ يَّأْتِيْ مِنْۢ بَعْدِى اسْمُهٗٓ اَحْمَدُۗ

Artosipun: Lan elengo naliko Isa putro Maryam ngendikan, “Heee Bani Israil! Sak temene aku diutus Allah marang siro kabeh, kanggo mbenerne kitab sing mudun sak durungku yoiku kitab Taurat lan wenehi kabar seneng kelawan tekone Rasul sakwise aku sing jenenge Ahmad (Muhammad),”

Semanten ugi Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS ingkang gesang 30 generasi sak derengipun Nabi Muhammad SAW sampun ndungo dumateng Allah supados diutus Rasul saking kaumipun. Lan ternyata, kito saget dados umatipun Rasul ingkang diarep-arep kalian Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS.

Doa Nabi Ibrahim AS dan Nabi Ismail sak mantune ndandani pondasi ka’bah meniko wontn ing Al-Quran surat Al-Baqarah Ayat 129:

رَبَّنَا وَابْعَثْ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْهُمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِكَ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَ وَيُزَكِّيْهِمْ ۗ اِنَّكَ اَنْتَ الْعَزِيْزُ الْحَكِيْمُ

Artosipun: Ya Allah pengeranku, penjenengan utus rasul saking kalangan tiang niku piabak. Ingkang maosakan Ayat-ayat panjenengan lan mulang kitab lan hikmah, lan nyucek aken sedoyo tiang-tiang. Temen, penjengan ingkang moho perkoso soho bijaksana. 

Lajeng pripun coro kito ngetingalaken raos bebungah atas kelahiran Nabi Muhammad?

Raos bebungah meniko monggo kito sareng-sareng kito teladani, kito contoh gesangipun Rasulallah SAW. Salah setunggalipun inggih meniko ngatahaken amalan sunnah ingkang sampun diajaraken kados sholat tahajud lan poso sunnah.

Rasulallah piambak wonten ing hadist riwayat Muslim dipun kisahakan bilih beliau sholat malam ngantos sikilipun bengkak. Ningali meniko, ‘Aisyah istri beliau tanglet:

يَا رَسُولَ اللَّهِ أَتَصْنَعُ هَذَا وَقَدْ غُفِرَ لَكَ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِكَ وَمَا تَأَخَّرَ

Wahai Rasulallah, kagem nopo panjenengan ngelampahi kados mekaten? Padahal sampun disepuoro doso-doso panjenengan ingkang rumiyin lan badhe kalampah?

Lajeng saat niku Rasulullah SAW menjawab:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait