Contoh Teks Khutbah Jumat Singkat 10 Menit: Tiga Penyesalan Mayit (B. Jawa)

gambar ilustrasi pemberangkatan jenazah
gambar ilustrasi pemberangkatan jenazah

Subhanallah, akhir hayat ingkang kebak penyesalan, getun kenging punapa mboten nate sadaqoh ngantos-ngantos nyuwun ditunda kapejahan namung amargi badhe sadaqoh.

Estu bab ingkang mengerikan sanget, malah ngisin-ngisini sanget. Pinten tahun allah maringi umur nanging kesupen sadaqoh, naliko akhir hayat rumaos mboten betah malih bondo dunyo nembe ajeng sadaqoh na’u dzubillahimin dzaalik.

Bacaan Lainnya

Lajeng kenging punapa calon mayit nggetuni bab meniko?

Keranten piyambakipun sampun ngertos fungsi sadaqoh ing saat meniko, ngantos-ngantos piyambakipun mboten nyuwun ditunda amargi ajeng ngelampahi sholat, piyambakipun mboten nyuwun ditunda amargi ajeng budal kaji utawi umroh. Nanging piyambakipun kajeng nglampahaken sadaqoh. Kenging punapa mekaten? Amargi tiyang ingkang sampun pejah dipunketingalaken ganjaran lan fungsinipun sadaqoh.

2. Getun amargi mboten gadhah naungan utawi paying saking panasipun srengenge kala ing padang mahsyar.

Lebet setunggaling hadits dipunsanjangaken, rosulullah salallahu alaihiwas salam bersabda

 كُلُّ امْرِئٍ فِي ظِلِّ صَدَقَتِهِ حَتَّى يُفْصَلَ بَيْنَ النَّاسِ – أَوْ قَالَ: يُحْكَمَ بَيْنَ النَّاسِ

“Saben wong iku bakal ono ing ngisoring pangayoman sedhekahe lawase ing padang mahsyar sampek ono keputusan kanggo manungso, mlebu swargo utowo neroko.” (HR Ahmad)

Ma’asyiral muslimin rahimakumullāh,

Estu gemeter manah meniko, 50.000 warsa ingkang badhe kito rantos ing padang mahsyar, srengenge jarakipun setunggal mil. Nanging, kangge ingkang mboten purun sadaqoh nalika gesangipun mboten wonten payung kangge piyambakipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait