Merayakan Tahun Baru Masehi Menurut Islam, Materi Khutbah Jumat Singkat PDF Terbaru (B. Jawa)

Foto Ilustrasi Tahun Baru Masehi
Foto Ilustrasi Tahun Baru Masehi

Setunggal babar pisan mboten wonten wucalan Islam ingkang nganjuraken supados umat muslim ngrayakaken tahun baru masehi. Ingkang wonten lebet Islam inggih meniko hikmah utawi perintah meringati tahun baru Islam utawi dipuntepang kaliyan tahun Hijriyah.

Panggantosan tahun baru Masehi ingkang kathah-kathah tiyang menyambutipun kaliyan pesta foya malah dilarang lebet agami Islam. Larangan meniko sanes ing tahun masehinipun nanging dhateng sikap-sikap ingkang dipun lampahi dening umumipun tiyang.

Bacaan Lainnya

Saleresipun kathah alesan kenging menopo umat Islam mboten dipunanjuraken kelangkung-langkung lebet nyambut tahun baru masehi. Kalih alesan ing antawisipun inggih meniko:

Alesan sepindah, mbuwang-mbuwang bondo

Ngrayakaken panggantosan tahun baru masehi kathah-kathah termasuk menghambur-hamburkan bondo kangge menopo-menopo ingkang mboten bermaslahat.

Menawi wonten ingkang nyobi nglampahaken terobosan kaliyan nglampahaken bab ingkang manfaat, kados ngawontenaken nikah massal gratis, malah taksih dipunparingi arto. Nanging ingkang kados meniko langka sanget.

Kathah-kathah namung senang-senang kangge menopo-menopo ingkang mboten dipun ngertosi manfaatipun, inggih meniko dalu panggantosan tahun. Padahal kito sampun dipunparingi ngertos dening Allah ta’ala menawi menghambur-hamburkan bondo kaliyan sia-sia meniko kelebet tabdzir lan tabdzir inggih meniko lampahan kas saking setan.

Kito dipunutus dening Allah ta’ala supados mboten numuti jejak lampahan setan. Allah ta’ala berfirman,

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تَتَّبِعُوْا خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِۗ وَمَنْ يَّتَّبِعْ خُطُوٰتِ الشَّيْطٰنِ فَاِنَّهٗ يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاۤءِ وَالْمُنْكَرِۗ

“Hai wong-wong kang beriman! Siro ojo melu langkah-langkah setan. Sopo wonge melu langkah-langkah setan, mula sabenere dheweke (setan) ngongkon nggarap pegawean kang keji lan mungkar,” [an-nur: 21]

Hadirin Rahimakumullah..

Sampun jelas sanget bilih Allah SWT nglarang umat Islam menghambur-hamburkan bondo dunyo. Malah Allah nyebat poro penghambur bondo dados sadherek-sadherekipun setan.

 وَاٰتِ ذَا الْقُرْبٰى حَقَّهٗ وَالْمِسْكِيْنَ وَابْنَ السَّبِيْلِ وَلَا تُبَذِّرْ تَبْذِيْرًا – ٢٦

Lan wenehono hake marang kerabat cedhak, uga marang wong mlarat lan wong kang jroning perjalanan; lan ojo siro menghambur-hamburkan (bondomu) kanthi boros.

اِنَّ الْمُبَذِّرِيْنَ كَانُوْٓا اِخْوَانَ الشَّيٰطِيْنِ ۗوَكَانَ الشَّيْطٰنُ لِرَبِّهٖ كَفُوْرًا – ٢٧

Sabenere wong-wong kang pemboros iku yaiku sedulur setan lan setan iku ingkar banget marang pengerane. [al-isra: 26-27]

Alesan kaping kalih, buang-buang waktu.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait