Evaluasi Tahun Kemarin Perbaiki Tahun Ini, Khutbah Jumat Terbaru Muhasabah Awal Tahun (B. Jawa)

Ilustrasi Muhasabah
Ilustrasi Muhasabah

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

   الْحَمْدُ لِلَّهِ وَ الْحَمْدُ لِلَّهِ  ثُمَّ الْحَمْدُ لِلَّهِ . أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَهُ لا شَرِيكَ لَهُ وأشهدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَانَبِيّ بعدَهُ . اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدابن عبد الله وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ في مُحْكَمِ كِتَابِهِ: وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى، وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَاب . وَقَالَ: يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ  وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ  إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ 

Ma’asyiral muslimin jamaah shalat jemuwah rahimakumullah,

Bacaan Lainnya

Ing antawis kewajiban ingkang kedah dipunlampahaken setunggaling tiyang khatib lebet khutbah jumatipun inggih meniko senantiasa ngemutaken, ngajak, lan berwasiat dhateng jamaah kangge senantiasa ningkataken ketakwaan dhateng Allah SWT.

Wasiat takwa meniko dados rukun khutbah jemuwah ingkang menawi dipuntilaraken dening khatib mila mboten sah khutbah jemuwah ingkang dipunaturaken. Sawentawis para ulama’ ngartosaken takwa meniko piyambak dados

 امْتِثَالُ أَوَامِرِ اللهِ وَاجْتِنَابُ نَوَاهِيْهِ سِرًّا وَعَلَانِيَّةً ظَاهِرًا وَبَاطِنًا

Inggih meniko nglampahaken sedoyo perintah Allah lan nebihi sedoyo larangan-ipun baik lebet kawontenan sepen utawi rame, lair saha batos.

Pramila ing kesempatan jemuwah dinten meniko, sumonggo kito sareng-sareng cancut taliwondo kangge ningkataken ketakwaan dhateng Allah SWT.

Takwa meniko piyambak badhe dados pembeda kangge tiyang ingkang mulyo menggahipun Allah SWT. Tiyang ingkang bertakwa bakal angsal kamulyan kang utami saking Allah. Kados ingkang smapun kasebat lebeting al-Qur’an serat al Hujurat ayat 13:

 اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللهِ اَتْقٰىكُمْ

Artosipun: Setuhune kang paling mulya ing watara siro mungguh Allah yaiku wong kang paling takwa.

Ma’asyiral muslimin jamaah shalat jemuwah rahimakumullah,

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait