Download Khutbah Jumat Ramadhan Bahasa Jawa 10 Menit: Siapkan Mental dan Fisik Jelang Ramadhan

Ilustrasi Menyambut Ramadhan
Ilustrasi Menyambut Ramadhan

TEKS KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ للهِ اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي عَلَّمَ بِالْقَلَمِ ، وَأَنْعَمَ عَلَيْنَا بِنِعْـمَةِ اْلإِيْمَـانِ وَاْلإِسْـلاَمِ ، أَشْهَـدُ أَنْ لآ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً أُدَخِّرُهَا لِيَوْمِ الْقِيَـامِ ، وَأَشْـهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي بِقَوْلِهِ وَفِعْلِهِ إِلَى دَارِ السَّـلاَمِ ، أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَـيِّدِنَا مُحَمَّدٍ مِصْبَاحِ الظَّلاَمِ ، صَلاَةً تُشْفِيْنَا بِهَا مِنَ الدَّآءِ وَاْلأَسْـقَامِ ، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ

أَمَّا بَعْـدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْـوَى اللهِ خَالِقِ اْلأَنَامِ ، تَدْخُلُوْا جَنَّةَ رَبِّكُمْ بِالسَّـلاَمِ ، فَقَدْ قَالَ تَعَالَى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ : أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشًّيْطَانِ الرَّجِيْمِ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ ، وَمَن يَتَّقِ اللهَ يَجْعَل لَّهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا

Bacaan Lainnya

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Manggo tansah samiya netepi taqwa lan ta’at dateng ngarsa Dalem Allah kanti berusaha supados ibadah kito soyo meningkat, sedoyo perintahipun Allah kanthi sekuat tenaga sageto kito lampahi serto ambudi daya amrih sedaya awisanipun saget kitho tilar, minongko dados tekad soho sarono kitho sedoyo angrungkebi Iman lan Islam ing saklebetipun gesang punika, ing pangangkah kitho sedoyo kalebet kawulo-kawulo nipun Allah ingkang tansah tumidak sahe soho pinaringan khusnul khatimah.

Kados dawuhipun Allah :

يَاأَيُّهاَ الَّذِينَ ءَامَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ

He wong wong kang pada iman, pada wediyo siro kabeh ing Gusti Allah kelawan sak nyatane wedi ing Gusti Allah, lan ojo mati temenan siro kabeh kejobo siro kabeh dadi wong Islam” .(QS. Ali Imran 102).

Para sederek Kaum Muslimin ingkang minulya,

Mboten dangu malih kitho sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan, sak mestinipun kitho cawis cawis kangge ngadepi kewajiban kitho nindakaken shiyam wonten wulan ramadhan.

Sikap mental lan manah kitho kedah dipun siapaken, jalaran mboten sekedik umat Islam ingkang nampi kewajiban siyam Ramadhan punika kanti kepekso. Pramila mangga kitho adepi wulan suci lan kewajiban punika kanti manah bingah saha ridla, remen nindakaken kewajiban saking ngarsanipun Allah. Sebab bingah kemawon sampun ageng faedahipun, Kanjeng Nabi sampun dawuh:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait