Khutbah Syaban PDF Penuh Makna: Semua Amal Manusia Diangkat di Bulan Syaban (B. Jawa)

Ilustrasi Khutbah Jumat
Ilustrasi Khutbah Jumat

Saking Rasulullah kita mangertos bilih satemene wulan Sya’ban punika wulan ingkang istimewa. Kenging punapa? Amarga, wulan punka minangka wulan kanggo ngangkat amal manungsa marang Allah SWT.

Kados dawuhipun Rasulullah SAW wonten ing hadits:

Bacaan Lainnya

وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ

Tegesipun: Ing wulan punika dipun unggahaken amal-amal manungsa dhateng Pangeraning Alam. (HR. An-Nasa’I lan Ahmad. “Hasan” miturut Al-Albani)

Punikalah kautamaan wulan Sya’ban. Wulan ngunggahake amal manungsa marang Allah SWT.

Kautamaan wulan Sya’ban ingkang kaping kalih inggih menika, ing tengah-tengah. Punikalah ingkang dipun wastani Nisfu Sya’ban. Rasulullah SAW ngendika babagan keutamaan nishfu Sya’ban:

إِنَّ اللهَ لَيَطَّلِعُ فِيْ لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانِ، فَيَغْفِرُ لِجَمِيْعِ خَلْقِهِ إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْمُشَاحِنٍ

Tegese: Satemene Allah mriksa saben wengi nishfu Sya’ban. Banjur Ingusn Allah ngapura marang kabeh makhluke, kajaba wong-wong kang nglakoni syirik utawa wong kang satru karo sedulure. (Riwayat Ibnu Majah, dinilai sahih dening Al-Albani)

Jamaah Jumat ingkang minulyo

Kajawi saking kalih kautaman ingkang kasebat ing nginggil, wonten acara mindhahake kiblat umat Islam saking Baitul Maqdis Palestina dhateng Ka’bah ing Mekkah al-Mukarromah, sasampunipun kanjeng Nabi Muhammad ajeng-ajeng rawuhipun acara menika kanthi pangarep-arep kang dhuwur banget, ing pundi saben dina kanjeng Nabi mboten supe tumenga marang langit, ngentosi wahyu, nganti pungkasanipun Allah SWT nurunake ayat Al-Baqoroh ayat 144:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait