Materi Khutbah Jumat NU Singkat PDF: Sya’ban, Bulan Menyiram Tanaman (B. Jawa)

ilustrasi bulan sya'ban
Ilustrasi Bulan Sya'ban

Umumipun tiyang leres-leres merhatosaken sasi Rejeb. Amargi estu rejeb inggih punika setunggal saking sekawan sasi kang mulia. Ramadhan inggih punika raja ing antawis sasi lintunipun. Keranten punika, kathah tiyang ingkang males-malesan ing sasi ruwah/sya’ban.

Padahal punika kirang leres para hadirin, sinten mawon kang males-malesan ing sasi ruwah/sya’ban punika, gadhah artos piyambakipun mboten nyirami tanaman ingkang sampun ditanam ing sasi rejeb kala-wingi. Lan punika saged murugaken ibadah ing sasi Ramadhan mangke dados kirang semangat, amargi mboten dipunreksa kanthi sae.

Bacaan Lainnya

Hadirin maasyiral muslimin rahimakumullah

Lebet setunggal riwayat hadits saking sayyidah aisyah, semah rasulullah nate criyos:

 لَمْ يَكُنْ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَصُومُ شَهْرًا أَكْثَرَ مِنْ شَعْبَانَ فَإِنَّهُ كَانَ يَصُومُ شَعْبَانَ كُلَّهُ

Artosipun: Nabi Muhammad mboten nate nglampahaken siyam wulanan (kejawi Ramadhan) langkung kathah daripada sasi ruwah/sya’ban. Saestunipun piyambakipun siyam sawulan kebak. (muttafaq alaih).

Ing riwayat benten, lebet Sunan an-Nasa’i, rasulullah shallallahu alaihi wasallam nate dipuntakeni usamah Bin Zaid salajeng punika:

 يَا رَسُولَ اللَّهِ لَمْ أَرَكَ تَصُومُ شَهْرًا مِنْ الشُّهُورِ مَا تَصُومُ مِنْ شَعْبَانَ قَالَ ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ

Artosipun: Wahai rasul, kula mboten nate sumerep panjenengan siyam ing antawis bulan-bulan sakepripun nglampahaken siyam ing sasi ruwah/sya’ban. Lajeng rasulullah mangsuli: ruwah/sya’ban iku sasi kang dilalekke manungsa antarane Rejeb lan Ramadhan. Ing sasi iki, amal-amal dilaporne dhateng Allah pengeran jagad alam. Aku remen menowo amalku dilaporne pas ngelakoni pasa.

Hadirin Ingkang Bingah

Lebet hadits kasebat, Rasulullah njlentrehaken, sya’ban inggih punika sasi ingkang asring dipunsupekaken kathah manungsa. Mila kita mpun ngantos supe kados tiyang sanes ingkang supe dhateng sasi Sya’ban.  Punapa malih, rasulallah SAW nate bersabda:

 وَهُوَ شَهْرٌ تُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ

Artosipun: Ing sasi punika lah amal manungsa dipuninggahaken dhateng rabb semesta alam. (HR. an-Nasa’i lan Ahmad. “hasan” midherek al-Albani)

Keranten punikalah, sumangga kita nuladhani Rasulallah SAW. ing antawis ingkang dipunlampahaken piyambakipun inggih punika siyam ing sasi sya’ban. Sanadyan mboten saged siyam sawulan kebak sakepripun Rasulallah, samboten-mbotenipun kita siyam sadinten kalih dinten kangge angsal keberkahan ing sasi sya’ban.

Kejawi siyam, ingkang dipunlampahaken Rasulallah inggih punika tangi ing sepertiga dalu ingkang akhir. ing wekdal tiyang-tiyang tilem, supe dhateng allah, kita perlu taqorrub utawi andhepe-dhepe dhateng Allah, ndodogh lawang Rahmat-ipun, ngandhapaken manah ing ajengan Allah, nedha pitedah dhateng allah ing tengahing tiyang-tiyang ingkang kesasar.

Mugi-mugi, kita sami dipunpraringi hidayah lan kekiyatan dening Allah kangge ngatah-ngatahi ibadah ing sasi sya’ban. Amin.

 بَارَكَ اللهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِىْ وَاِيَّاكُمْ بِاْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، اِنَّهُ هُوَ الْبَرُّ الرَّؤُوْفُ الرَّحِيْمُ

KHUTBAH JUMAT KEDUA

 اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ اِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى اِلىَ رِضْوَانِهِ

اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

امَّا بَعْدُ : فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى، وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهّ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍوَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ اَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ

Silahkan bergabung dengan kami di Grup Telegram, Wa, atau Facebook untuk mendapatkan materi terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com Klik GABUNG SEKARANG
PERHATIAN! Silahkan copy paste konten Khutbahsingkat.com dengan syarat tetap mencantumkan nama penulis dan sumber naskah. Apabila publish ulang (reuploud) di website, agar menambahkan backlink.

Pos terkait