Download Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat PDF: Al Qur’an Sebagai Petunjuk Yang Nyata (B. Jawa)

ilustrasi mu'jizat al qur'an
Ilustrasi Mu'jizat Al Qur'an

     شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ فَمَنْ شَهِدَ مِنْكُمُ الشَّهْرَ فَلْيَصُمْهُ   

Artosipun: “Ibadah pasa iku ana ing wulan Ramadhan, ingkang sakjerone wulan mau Al-Qur’an diturunaken (saking Lauhil Mahfudh). Kanggo nudhuhaken marang menungsa, lan dadi tandha terang saking pitudhuhe Allah ta’ala. Lan saking kang ambeda’ake (antarane haq lan bathil). Mangka sapa wonge hadlir (tinemu) ana ing wulan Ramadhan, dheweke kudu pasa …” (QS Al-Baqarah: 185).

Bacaan Lainnya

Wonten keterangan sanese ing Kitab Tafsir Ibnu Katsir, dipunsebutaken bilih Al-Qur’an dados pitudhuh kagem tiyang ingkang iman datheng Allah, saha percaya utawi yakin datheng kebenaran Al-Qur’an.

Lajeng, keterangan bayyinat menika bilih Al-Qur’an dados hujjah utawi dalil ingkang cetha, sehingga antarane haq lan bathil, antarane perkawis ingkang halal lan haram, dados perkara ingkang pertela. 

Jamaah Jumat Rahimakumullah

Supados Al-Qur’an dados hudan lan bayyinat kagem kita, mangka sampun sakmestine kita kedah sinau supados paham makna ana ing Al-Qur’an. Kita kedah sinau datheng para ulama ingkang langkung pirsa makna-makna ayat ana ing jerone kitab suci Al-Qur’an.

Saking keterangan para ulama menika lah, kita saget angsal pitudhuh saha ilmu saking Al-Qur’an. Ing akhire, kita saget ngamalake kanthi leres. Kados dene dhawuhe Allah ta’ala wonten ing Surat Al-Baqarah ayat 2:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait