Khutbah Jumat Akhir Ramadhan: Selamat Tinggal Ramadhan, Selamat Datang Hari Kemenangan (B. Jawa)

Ilustrasi Ramadhan Kareem
Ilustrasi Ramadhan Kareem

Ramadhan ingkang kantun ngitung dinten punika sumangga kita angge kaliyan sasae mungkin. Kita angge tirah wekdal Ramadhan kangge (taqarrub) nyaketaken dhiri dhateng allah SWT.

Ing akhir sasi Ramadhan punika sengkuyung ibadah kita kedah saya membaja. Api semangat kita kedah senantiasa menyala. Gairah kesaenan lebet dhiri kita kedah tansah kita jagi.

Bacaan Lainnya

Punapa malih ing 10 dinten pungkasan wonten sa dalu ingkang langkung sae daripada 1000 sasi inggih punika dalu lailatul Qadar. sakepripun firman allah swt.

 لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ

Artosipun: “Wengi kamulyan iku luwih apik saka sewu wulan”.

Dalu ingkang dipunsebat Lailatul Qadar sanes dalu kangge perayaan, bersenang-senang utawi dalu kangge nemtukaken nasib, nanging dalu Lailatul Qadar inggih punika dalu ingkang mulia sanget, langkung mulia daripada 1000 sasi.

Ing dalu Lailatul Qadar Malaikat Jibril mandhap dhateng bumi kaliyan izin Allah SWT lan Allah badhe nyukani keberkahan lan kawilujengan ngantos terbit fajar. Allah Swt berfirman:

 اِنَّآ اَنْزَلْنٰهُ فِيْ لَيْلَةِ الْقَدْرِ. وَمَآ اَدْرٰىكَ مَا لَيْلَةُ الْقَدْرِۗ. لَيْلَةُ الْقَدْرِ خَيْرٌ مِّنْ اَلْفِ شَهْرٍۗ. تَنَزَّلُ الْمَلٰۤىِٕكَةُ وَالرُّوْحُ فِيْهَا بِاِذْنِ رَبِّهِمْۚ مِنْ كُلِّ اَمْرٍۛ. سَلٰمٌ ۛهِيَ حَتّٰى مَطْلَعِ الْفَجْرِ

Artosipun: Sabenere kita wis ngudhunake (al Qur’an) ing wengi kamulyan. Lan ngerti siro kabeh apa wengi kamulyan iku? Wengi kamulyan iku luwih apik saka sewu sasi. Ing wengi iku mudhun malaikat-malaikat lan malaekat Jibril karo pamit pengerane kanggo ngatur kabeh urusan. Wengi iku (kebak) kesejahteraan tekan terbit fajarr.

Hadirin ingkang dirahmati allah..

Dalu punika kita mlebet tanggal …… Ramadhan 144… hijriyah. Artosipun taksih wonten tirah wekdal ingkang mungkinaken kita angsal keutamaan dalu Lailatul Qadar. Pramila, Ramadhan ingkang tilar pinten-pinten dinten punika sumangga kita angge kangge bebujeng dalu lailatul qadar.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait