Teks Khutbah Jumat Terbaru PDF: Keutamaan dan Peristiwa di Bulan Dzulqadah (B. Jawa)

Ilustrasi bulan Dzulqadah
Ilustrasi bulan Dzulqadah

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

لْحَمْدُ للهِ, اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُواْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين.

أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَانِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا. وَقَالَ تَعَالَى: يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ

Bacaan Lainnya

Ma’asyiral Muslimin Jamaah Sidang Jum’at Rahimani wa Rahimakumullah,

Miwiti khutbah ing kesempatan ingkang mulia punika, khatib berwasiat dhateng kita sami, utaminipun dhateng dhiri khatib pribadi kangge senantiasa usaha nginggahaken ketakwaan lan keimanan kita dhateng allah subhanahu wa ta’ala.

Kelawan nglampahaken sedaya kewajiban lan nebihaken dhiri saking sedaya ingkang dilarang lan diharamaken.

Ma’asyiral muslimin jamaah sidang jum’at rahimakumullah,

Sasampunipun nilaraken sasi pasa lan sasi sawal, sapunika kita wonten ing lebeting sasi dzulqa’dah. Kaliyan basa dzulqa’dah madeg saking kalih tembung, inggih punika: dzu, ingkang artosipun: ‘sesuatu ingkang nggadhahi/menguasai’; lan al qa’dah, ingkang artosipun ‘tempat ingkang diduduki’.

Sasi punika dipunsebat dzulqa’dah amargi ing sasi punika kalimrahan masyarakat arab inggih punika lenggah santai (mboten kesah). tiyang jawi nyebatipun kaliyan sasi selo (longgar).

Amargi ing sasi punika relatif longgar saking kegiatan sasampunipun padatipun kegiatan ing sasi pasa lan sasi sawal. Sasampunipun dzulqa’dah ugi badhe padat malih kaliyan pinten-pinten kegiatan, nggih punika ibadah kaji utawi ibadah qurban.

Sasi Dzulqa’dah kelebet salah setunggal saking sekawan sasi ingkang dipuntetepaken Allah SWT dados sasi suci (sasi haram). Inggih punika sasi ing pundi manungsa dilarang keras nglampahaken kemaksiatan lan keawonan nglangkungi bulan-bulan kejawi sasi haram.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait