تِلاَوَةُ القُرآنِ العَظِيْمِ مِنْ أفضَلِ العِبادَاتِ وأعْظَمِ القُرُباتِ وأجَلِّ الطاعاتِ وَفيْهَا أجْرٌ عَظِيمٌ وثَوَابٌ كَرِيْمٌ
Artosipun: Maos Al-Qur’an minongko dados salah setunggale ibadah paling unggul lan penggawe taqarrub paling agung lan penggawe taat paling ageng. Maos Al-Quran saget pikantuk ganjaran agung lan mulyo.
Jamaah Jumat Ingkang Sami Bebungah
Al-Quran dados mukjizate Kanjeng Nabi Muhammad ingkang saget ngapesaken tiyang kafir lan saget paring pituduh ugi nyafaati tiyang Islam. Kanjeng Nabi dawuh:
اقْرَءُوا الْقُرْآنَ؛ فَإِنَّهُ يَأْتِي شَفِيعًا يَوْمَ الْقِيَامَةِ لِصَاحِبِهِ
Artosipun: mocoho Al-Quran, mongko saktemene Al-Quran bakal paring syafaat marang wong sing moco Al-Quran, sesok ing dino kiamat (HR. Ahmad)
Sinaoso mekaten, ampun ngantos kito supe kaliyan tata kramane maos Al-Quran, kados suci awake, panggenane, ngadep kiblat, nutup aurat, ndredeg nalikane maos ayat ingkang mertelaaken sikso lan bungah nalikane maos ayat ingkang mertelaaken nikmate Gusti Allah.
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..