Khutbah Jumat Tentang Kemerdekaan PDF: Rayakan Kemerdekaan Dengan Aman dan Iman (Bahasa Jawa)

Ilustrasi Kemerdekaan RI
Ilustrasi Kemerdekaan RI

Hal puniko tamtu kedah kita waspadai sareng kaliyan terus nglampahaken perlawanan, utamainipun perlawanan digital dhateng narasi-narasi, utawi wartos-wartos awon ingkang badhe memecah belah bangsa. Semangat cinta tanah air kedah terus digelorakan baik ing kehidupan nyoto utawi dhateng ineternet.

Kalimat bijak hubbul wathan minal iman (nasionalisme inggih puniko sebagian saking iman) kedah kita contoh saking Rasulullah SAW ingkang ugi sampun ngemutaken kangge tresna dhateng nagari piyambak.

Bacaan Lainnya

Setunggaling criyos lebet hadits ingkang diriwayatkan ibnu hibban nyebat:

 عَنِ ابْنِ عَبَّاسٍ، قَالَ: قَالَ رَسُولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَا أَطْيَبَكِ مِنْ بَلْدَةٍ وَأَحَبَّكِ إِلَيَّ، وَلَوْلَا أَنَّ قَوْمِي أَخْرَجُونِي مِنْكِ، مَا سَكَنْتُ غَيْرَكِ

Artosipun : “Saking Ibnu Abbas ra Piyambakipun wicanten, Rasulullah saw bersabda, ‘alangkah saenipun siro (kota makkah) dadi salah siji negoro, lan siro termasuk negoro kang tak tresnani. Umpomo kaumku ora ngusir aku, temen aku ora bakal manggon ing negoro selain siro” (HR Ibnu Hibban).

Jamaah jemuwah rahimakumullah,

Saking hadits puniko kita mangertos, dalam kondisi menopo-kemawon tanah air inggih puniko papan ingkang paling mboten saged dipunsupekaken lebet gesang salah setunggaling tiyang.

Pinten-pinten usaha dipunlampahaken dening tiyang ingkang merantau kangge saged wangsul dhateng tanah air. Tanah air inggih puniko papan ingkang paling dipuntresnani, mila perlu dipunpertahanaken keamanan lan kemerdekaanipun.

Pramilo, sasi Agustus ingkang wonten sejarah penting proklamasi kamerdekaan, sasampunipun ngalami penjajahan berabad-abad, kedahipun dados momentum ingkang spesial kangge bangsa indonesia.

Kita kedah ngisi kemerdekaan puniko kaliyan hal-hal ingkang positif cocog kaliyan posisi kita piyambak-piyambak. Ingkang petani sumonggo terus nyambut damel kangge dados pahlawan pangan ing era modern. Ingkang dados guru sumonggo terus didik para generasi bangsa.

Kangge para pelajar lan generasi muda, sumonggo terus tingkataken kualitas dhiri kaliyan sinau ingkang saestu, kangge terus ngreksa [ngrumat] kemerdekaan puniko dumugi akhir mangke. Lan tamtunipun, sedaya profesi ugi kedah sareng-sareng ngisi kemerdekaan puniko kaliyan hal-hal ingkang positif.

Kita mboten angsal supe sejarah kados pundi bangsa Indonesia puniko dipundhirikaken. Sampun ngantos kita dados tiyang ingkang malah ngrusak tatanan damai nagari puniko. Kita kedah sumerep masa lalu utawi sejarah kangge sangu mandeng mongso ingkang badhe kalampah. Allah swt berfirman lebet serat al-hasyr ayat 18:

 يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍۚ وَاتَّقُوا اللّٰهَۗ اِنَّ اللّٰهَ خَبِيْرٌ ۢ بِمَا تَعْمَلُوْنَ

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait