Khutbah Jumat PDF Bahasa Jawa: Hikmah Kelahiran Nabi Muhammad SAW

Cinta Nabi Muhammad SAW
Cinta Nabi Muhammad SAW

Wonten ing acoro kasebat dipun jelasaken ngengeni sejarah lan perjuangan, serto keteladanan nabi Muhammad SAW wiwit lahir ngantos kapundutipun. Ulama’ agung Syekh Al-Hafidz Ibnu Dahyah engkang nganggit kitab sejarah Nabi ingkang diparingi asmo At-Tanwir fi Maulidil Basyir An-Nadzir, dipun hadiahi Raja 1000 dinar.

Sak bakdanipun acara peringatan Maulid Nabi SAW kasebat, pemerintahan wangsul stabil, semangat pengamalan agami tan soyo sae, negari aman, tentrem lan tambah makmur. Ageng sanget manfaat engkang dipun hasilaken saking prengatan maulid Nabi saw kasebat.

Bacaan Lainnya

Ngawontenaken prengetan maulid Nabi kados engkang dipun lampahi dening raja Mudhoffar menurut Al-Imam Al-Hafidz As-Suyuthi meniko bentuk mahabbah kito dateng panjenenganipun, kados sabdanipun kanjeng nabi Muhammad Saw :

مَنْ أَحَبَّنِى كَانَ مَعِيْ فِي الْجَنـَّةِ

Sinten kemawon engkang mahabbah utawi cinta marang ingsing (nabi Muhammad saw) mongko wong kuwi bakal mlebu suwargo bareng ingsun”.

Tembung mahabbah meniko anggadahi makna engkang luas sanget, yakni remen dateng  kanjeng nabi soho keluarganipun, nyonto akhlakipun lan turut gembira atas kelahiranipun kanjeng nabi. Sebab kehadiranipun Rasulullah meniko minongko  anugerah, rohmat tuwin kado terindah kagem sedoyo alam semesta. Alloh swt dawuh:

لَقَدْ مَنَّ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذْ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ

Saktemene Alloh paring kanugrahan marang wong-wong kang podo iman naliko (Allah) ngutus rosul soko kalangane dewekne….”

Ngantos wonten setunggal hadits qudsi dipun riwayataken:

لَوْلَاكَ لَوْلَاكَ مَا خَلَقْتُ الْأَفْلَاكَ

Lamun ora mergo awakmu, lamun ora mergo awakmu (Muhammad), mongko ingsun ora nyiptakne jagat raya.”

Ma’asyiral muslimin, rahimakumullah…

Poro sahabat sampun buktiaken mahabbah utawi cintanipun dateng Rosulollah saw kanti nyoto:

1. Ali Bin Abi Tholib gantosi ambenipun/ranjangipun Rosulalloh naliko dipun kepung kafir Quraisy bade dipun pejahi. Meniko taruhanipun nyowo.

2. Naliko mboten wonten tiyang ingkang percados bilih Rosulolloh dipun iso’ mi’rojaken, Abu Bakar As-Siddiq menikolah tyang ingkang pertama kali percados.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait