Khutbah Jumat Maulid Nabi Singkat Bahasa Jawa: Bagaimana Cara Mencintai Nabi Muhammad SAW?

Cara Mencintai Nabi Muhammad SAW
Cara Mencintai Nabi Muhammad SAW

MUKADIMAH KHUTBAH JUMAT

الحمدُ للهِ الذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ اْلحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ اْلمُشْرِكُوْنَ  أَشْهَدُ أنْ لَااِلَهَ إلااللهُ وَحْدَهُ لاشرِيْكَ لَهُ اْلحَقُّ اْلمَلِكُ اْلمُبِينُ  وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ  رَسُولٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِاْلُمْؤمِنِينَ رَؤُوفٌ بِاْلمُؤمِنِينَ  صَلاَةُ اللهِ وَسَلاَمُهُ عَلَى سَيّدِنَا مُحَمّدٍ وَعَلىَ أَلِهِ وَأَصْحَاِبِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إلَى يَوْمِ يُبْعَثُوْنَ

أمَّا بَعْدُ  فَيَا أَيُّهَا الحَاضِرُونَ  إتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إلَّا وَأنتُمْ مُسْلِمُونَ

Bacaan Lainnya

Hadirin Jamaah Jum’Ah Rahimakumullah

Monggo kito sami ningkat aken anggen kito taqwa dumateng Allah kanti nglampahi sedoyo perintah–perintah ipun soho nebihi sedoyo awisan–awisan ipun, ugi sampun ngantos kito benjang pejah kejawi netepi agami Islam.

Jamaah jumah ingkang minulyo,

Perlu dipun mangertosi bilih dinten meniko tanggal …… sasi ………………… Tahun 202… ngleresi tanggal ……. saking wulan robi’ul awal utawi wulan maulud. Wonten wulan meniko, leres ipun tanggal 12 maulud inggih dinten lahir ipun junjungan kito nabi agung nabi Muhammad SAW.

Nabi ingkang terakhir, nabi ingkang mbekto agami Islam, nabi ingkang sampun pering ajaran, tuntunan, paring suri tauladan dumateng kito, satu-satunya Nabi ingkang saget paring syafaatul ‘Udzma benjang wonten ngarsanipun Allah.

Wonten wulan meniko, monggo kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat, sami memulyakan dinten lahiripun Kanjeng Nabi soho sami Introspeksi, sampun pas nopo dereng tumundak-tumindak kito kalian nopo ingkang sampun dipun wulangaken kanjeng Nabi? sampun saget nopo dereng nglampahi perkawis-perkawis ingkang dipun contoaken kanjeng nabi? sampun nglampahi nopo dereng perkawis-perkawis ingkang sampun dipun perintahaken deneng kanjeng nabi? ing mongko, Gusti Allah sampun dawuh  wonten surat al-Hasyr ayat 7 ingkang ungel ipun:

وَمَا أتَاكُمْ الرَّسُولُ فَخُذُوهُ  وَمَا نَهَاكُمْ عَنْهُ فَانتَهُوْا

Opo wae seng disampekne deneng rosul yakni nabi Muhammad SAW marang sliramu kabeh jupuken/alapen lan opo wae seng dilarang deneng rosul tinggalen”

Ayat meniko kanti jelas paring pangertosan dumateng kito bilih, menopo kemawon ingkang dipun wucalaken, ingkang dipun contoaken, ingkang dipun perintahaken deneng kanjeng nabi, kito minongko umat ipun kedah niru soho kedah nglampahi. Kosok wangsulipun, menopo kemawon ingkang dipun awisi, ingkang dipun larang, ingkang dipun tilar deneng kanjeng nabi, kito ugi kedah nilar, kedah dipun tebihi lan sampun ngantos dipun lampahi.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait