Khutbah Jumat Maulid Nabi Singkat Bahasa Jawa: Bagaimana Cara Mencintai Nabi Muhammad SAW?

Cara Mencintai Nabi Muhammad SAW
Cara Mencintai Nabi Muhammad SAW

sak lintunipun kito berusaha nglampahi nopo ingkang sampun dipun dawauhaken Kanjeng Nabi, monggo wonten wulan maulud meniko kito sami ngatah-ngatahaken maos sholawat. Maos sholawat merupakan salah satu tanda cinta kita dateng Kanjeng Nabi. langkung-langkung Kanjeng nabi sampun dawuh bilih:

مَنْ كَانَ أَكْثَرُهُمْ عَليَّ صَلَاةً  كَانَ أَقْرَبُهُمْ مِنِّي مَنْزِلَةً

Bacaan Lainnya

Sopo wonge paling akeh mocone sholawat marang aku mongko persasat deweke seng paling cedek panggonane karo aku”.

Wonten hadits lintu kanjeng nabi ugi dawuh maleh:

أوْلَى النَّاسِ بِيْ يَوْمَ اْلقِيَامَةِ  أكْثَرُهُمْ عَليَّ صَلَاةً

Manungso sing paling berhak nompo syafaatku mbesok dino qiyamat yoiku wong seng akeh mocone solawat marang aku”.

Hadirin jamaah jumah ingkang minulyo

Selajengipun pupung sak meneiko wulan maulud, inggih wulan lahir ipun kanjeng nabi Muhammad SAW monggo kito ugi ngatah-ngatahaken ngamal sae. Poro sohabat Khulafaurrosyidin inggih meniko sayidina Abu Bakar, Umar, Ustman soho sayidina ‘Ali sedoyo meniko sami mulyaaken wulan maulud meniko.

Wonten kitab الِّنعْمَةُ اْلكُبْرَى عَلَى اْلعَالَمِ  ingkang dipun karang deneng Imam Ibnu Hajar al–Haitami, shohifah 7 ngantos 8 dipun dawuhaken bilih:

قال أبو بكر الصديق رضي الله عنه  مَنْ أَنْفَقَ دِرْهَمًا عَلَى قِرَاءَةِ مَوْلِدِ النَّبِي صلى الله عليه وسلم كَانَ رَفِيْقِي فِي الجَنَّةِ

Sohabat Abu Bakar RA dawuh: “Sopo wonge infaq/sodaqoh duit sak dirham kanggo moco maulid Nabi mongko wong mau dadi koncoku mbesok ono ing swargo”

وقال عمر رضي الله عنه  مَنْ عَظَّمَ مَوْلِدِ النبيِّ صلى الله عليه وسلم فَقَدْ أَحْيَا اْلإِسْلَامَ

Sohabat Umar RA dawuh: “Sopo wonge ngagungaken dino lahire kanjeng nabi mongko wong mau PERSASAT ngurip–ngurip agomo Islam”

وقال عثمان رضي الله عنه   مَنْ أَنْفَقَ دِرْهَمًا عَلَى قِرَاءَةِ مَوْلِدِ النبِي صلى الله عليه وسلم فَكأنَّمَا شَهِدَ غَزْوَةِ بَدْرٍ وَحُنَيْنٍ

Sohabat ‘Ustman RA dawuh: “Sopo wonge infaq/ sodaqoh duit sak dirham kanggo moco maulid nabi, mongko koyo–koyo wong mau melu perang Badar lan perang Hunain”

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait