Download Teks hutbah Jumat Bahasa Jawa PDF Lengkap dengan Doanya: 5 Cara Menahan Amarah

Ilustrasi Orang Marah
Ilustrasi Orang Marah

Wonten sekawan tipe tiyang engkang nesu:

Angel nesu, gampang lilih (wawuh/dangang)

Bacaan Lainnya

Gampang nesu, gampang lilih

Angel nesu, angel lilih

Gampang nesu, angel lilih. Niki sifat engkang paling awon piyambak.

Cocok kalian pangendikanipun Kanjeng Nabi:

…أَلاَ وَإِنَّ مِنْهُمُ البَطِيءَ الغَضَبِ سَرِيعَ الفَيْءِ وَمِنْهُمْ سَرِيعُ الغَضَبِ سَرِيعُ الفَيْءِ فَتِلْكَ بِتِلْكَ  أَلاَ وَإِنَّ مِنْهُمْ سَرِيعَ الغَضَبِ بَطِيءَ الفَيْءِ  أَلاَ وَخَيْرُهُمْ بَطِيءُ الغَضَبِ سَرِيعُ الفَيْءِ  أَلاَ وَشَرُّهُمْ سَرِيعُ الغَضَبِ بَطِيءُ الفَيْءِ…(رواه الترميذي فى السنن)

Eling, temen sebagian anak Adam iku ono kang kendo (angel) nesune tur cepet lilihe (wawuh/dangang). Sebagian maneh cepet nesune tur cepet lilihe. Eling, temen sebagian anak Adam iku ono kang cepet nesune tur kendo (angel) lilihe. Eling, kang paling apik yo iku kendo (angel) nesune tur cepet lilihe. Eling, kang paling elek yo iku cepet nesune tur kendo (angel) lilihe…”.

Ma’asyirol muslimin, hafidzo kumulloh…

Alloh swt ngelaknat (mengutuk) dateng tiyang-tiyang engkang mboten saget ngendalikaken tuwin ngumbar nesu nipun kanti firman-Ipun:

وَإِذَا خَلَوْا عَضُّوا عَلَيْكُمُ الْأَنَامِلَ مِنَ الْغَيْظِ ۚ قُلْ مُوتُوا بِغَيْظِكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ

Lan yen wong-wong mau podo ndewe, wong-wong mau nggeget pucuke driji tangane, amergo nesu campur sengit marang siro. Kandakno: “Matio siro kabeh mergo nesumu”. (QS. Ali ‘Imron: 119)

Laknat utawi kutukanipun Alloh engkang kados mekaten, sampun nate terjadi dateng Abu Jahal. Dewekne pejah ndadak saksampunipun pikantuk kabar bilih kafir quraisy kawon wonten perang Badar. Nabi Yunus as. ugi nate dipun uji Alloh dipun untal iwak paus ngantos sekawan doso (40) dinten. Akibat saking duko nipun nabi Yunus as sehinggo ninggalaken kaum ipun.

Pramilo leres menopo engkang dipun dawuhaken kanjeng nabi Muhammad saw:

لَيْسَ الشَّدِيدُ بالصُّرَعَةِ.؛إِنَّمَا الشَدِيدُ الَّذِي يَمْلِكُ نَفْسَهُ عِنْدَ الْغَضَبِ ( متفق عليه)

Wong kuat iku dudu kang biso gawe klenger liyan (smackDown). Ananging wong kang kuat iku wong kang biso mekak (ngendalekne) diri ne naliko nesu”.

Ma’asyirol muslimin, hafidzo kumulloh…

Wonten tips kagem ngontrol emosi supados mboten gampil nesu:

Sepisan, maos ta’awwudz. Kados dawuh ipun kanjeng nabi Muhammad saw:

اِسْتَبَّ رَجُلاَنِ عِنْدَ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَنَحْنُ عِنْدَهُ جُلُوسٌ، وَأَحَدُهُمَا يَسُبُّ صَاحِبَهُ، مُغْضَبًا قَدِ احْمَرَّ وَجْهُهُ،فَقَالَ النَّبِيُّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: ” إِنِّي لَأَعْلَمُ كَلِمَةً، لَوْ قَالَهَا لَذَهَبَ عَنْهُ مَا يَجِدُ لَوْ قَالَ: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيم. (رواه البخاري)

Kalih, wudhu. Rosululloh Muhammad saw dawuh:

إِنَّ الْغَضَبَ مِنَ الشَّيْطَانِ وَإِنَّ الشَّيْطَانَ خُلِقَ مِنَ النَّارِ وَإِنَّمَا تُطْفَأُ النَّارُ بِالْمَاءِ فَإِذَا غَضِبَ أَحَدُكُمْ فَلْيَتَوَضَّأْ. (رواه أحمد وأبو داود)

Tigo, lenggah, menawi nesu dereng saget ical lajeng sare miring. Kanjing Nabi dawuh:

 إِذَا غَضِبَ أَحَدُكُمْ وَهُوَ قَائِمٌ فَلْيَجْلِسْ فَإِنْ ذَهَبَ عَنْهُ الْغَضَبُ وَإِلَّا فَلْيَضْطَجِعْ. (رواه أحمد وأبو داود)

Sekawan, mendel. Kanjing Nabi dawuh:

عَلِّمُوا وَيَسِّرُوا وَلَا تُعَسِّرُوا وَإِذَا غَضِبَ أَحَدُكُمْ فَلْيَسْكُتْ. (رواه أحمد)

Gangsal, sujud, engkang berarti sholat sunnah minimal kaleh rokaat. Rosululloh Muhammad saw dawuh:

Baca halaman berikutnya…

Pos terkait