Download Teks hutbah Jumat Bahasa Jawa PDF Lengkap dengan Doanya: 5 Cara Menahan Amarah

Ilustrasi Orang Marah
Ilustrasi Orang Marah

Salah satu sifat manusia yaitu pemarah. Sifat ini merupakan salah satu sifat buruk yang harus dikendalikan. Karena sifat marah dapat membuat seseorang terpuruk bahkan bisa berdampak pada lingkungan sekitar.

Oleh sebab itu, khutbah jumat singkat berikut ini mengangkat tema 5 Cara Menahan Amarah. Khutbah tersedia dalam versi bahasa jawa lengkap dengan doanya.

Bacaan Lainnya

Teks khutbah jumat berikut ini ditulis oleh Muqorrobin, Wakil Katib PCNU Ponorogo dan telah publish di situs resmi PCNU Ponorogo.

Silahkan Anda download teks khutbah jumat PDF pada menu yang ada di akhir teks. Semoga bermanfaat..

Silahkan bergabung di grup Telegram untuk mendapatkan Materi Khutbah terbaru dari KHUTBAHSINGKAT.com dengan cara klik “Berlangganan” BERLANGGANAN atau https://t.me/khutbahjumatsingkat

MUKADIMAH KHUTBAH JUMAT

اَلحَمْدُ لِلَّهِ, الحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِالْإِحْسَانِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا لِلَّهِ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ خَالِقُ اللَّيَالِيْ وَالأَيَّامِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلَانَا محمَّدًا سَيِّدُ العَرَبِ وَالعَجَمِ. اللهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الزِّحَامِ

أمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، أُوْصِيْنِيْ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللَّهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ

Ma’asyirol muslimin, hafidlo kumulloh…

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Ma’asyirol muslimin, hafidzo kumulloh…

Salah setunggalipun sifat manungso engkang sedoyo anggadahi enggih meniko nesu utawi mureng-mureng (ghodhob). Nesu utawi mureng-mureng meniko kedah kitha jagi lan dipun kendaliaken. Kejawi anggadahi aspek positif, nesu ugi anggadahi dampak negatif. Dampak negatif menikolah engkang paling dominan.

Nesu saget dados potensi kreatif menawi dipun arahaken dados energi engkang ndorong tuwin ngobahaken kitha dateng tumindak-tumindak sae kagem mbelani kepentinganipun agami. Kosok wangsulipun, nesu ugi saget dados tragedi pilu engkang ngrisak, menawi mboten dipun kendaliaken. Maqolah ‘arobiyah ngemutaken kitha:

أَوَّلُ الْغَضَبِ جُنُوْنٌ وَآخِرُهُ نَدَمٌ

Awal mulane nesu iku edan, lan pungkasane getun”.

Minongko agami langit engkang pungkasan, islam mboten namung ngatur masalah-masalah engkang ageng kemawon, kados ketatanegaraan, kemasyaraktan lan dakwah. Ananging islam ugi ngatur masalah-masalah engkang alit, kados to masalah nesu. Awit nesu engkang ketingalipun alit puniko, sejatos ipun ageng lan saget nuwuhaken kehancuran. Pramilo, termasuk tetenger ipun tiyang engkang taqwa inggih puniko menawi saget ngempet utawi ngendaliaken nesunipun. Alloh swt ndendiko:

وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ. وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ

“….lan wong kang ngempet nesune, lan kang aweh pangapuro marang kesalahane liyan. Alloh iku seneng marang wong-wong kang podo agawe kebecikan”. (QS. Ali ‘Imron: 134)

Ma’asyirol muslimin, hafidzo kumulloh…

Baca halaman berikutnya..

Pos terkait