Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa Terbaru PDF: Antara Idul Fitri dan Dosa Jariyah Digital

Khutbah Idul Fitri terbaru PDF
Ilustrasi meminta maaf saat idul fitri

MUKADDIMAH KHUTBAH IDUL FITRI

Hadirin wal hadirot Jama’ah sholat Ied rohima kumullah

 اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا، وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيرًا، وَسُبْحَانَ اللّٰهِ وَبِحَمْدِهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا، وَنَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللّٰهُ، وَلَا نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ، وَنَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا رَسُولُ اللّٰهِ، وَرَحْمَتُهُ الْمُهْدَاةُ، صَلَّى اللّٰهُ وَسَلَّمَ وَبَارَكَ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الطَّيِّبِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَأُوصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللّٰهِ العَلِيِّ العَظِيْمِ، القَائِلِ فِي كِتَابِهِ الكَرِيْمِ: قُلْ بِفَضْلِ اللّٰهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوا هُوَ خَيْرٌ مِمَّا يَجْمَعُونَ (سورة يونس: ٥٨)

Bacaan Lainnya

Wonten ing kesempatan ingkang bahagia lan kebak barokah meniko, sak wulan muput kito ibadah ing wulan Romadhon, mongko wonten ing injing meniko kito dumugi ing dinten Idul Fitri. Mulai wingi dalu ngantos sak niki umat Islam sami ngumandangaken takbir, sedoyo ngeraos bahagia lan remen manahipun sak mantune kito berjuang wonten ing wulan Romadhon.

Berjuang nahan ngelak, luwe, ngekang nafsu lan ndepe-ndepe marang gusti kang murbeng dumadi. Sedoyo meniko saget kito lampahi kelawan manah ingkang ikhlas supados angsal Ridhonipun Allah SWT. Pramilo, kito kedah syukur atas sedoyo nikmat ingkang sampun kaparingaken dumateng kito sedoyo.

Nikmat ingkang mboten saget dipun itung ing setunggal tarikan nafas kito, sedoyo menuko bukti bilih katah sanget rizki ingkang kito tampi. Mboten namung rizki dhohir mawon ananging ugi rizki batin ingkang lumintu ing ndalem gesang kito. Kesehatan, kesempatan, Islam lan iman, serto nikmat ingkang mboten ketingal. Sampun ngantos kito kufur dateng nikmat-nikmatipun Allah SWT.

فَبِأَيِّ آَلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ

Mongko nikmat pengeran endi sing kito ingkari?

Hadirin Sholat ‘Idul Fitri Rahimakumullah..

Wonten kesempatan Idul Fitri meniko, khotib ngangkat setungal judul khutbah inggih meniko Antawisipun Idul Fitri lan Dosa Jariyah Internet.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait