Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa Terbaru PDF: Antara Idul Fitri dan Dosa Jariyah Digital

Khutbah Idul Fitri terbaru PDF
Ilustrasi meminta maaf saat idul fitri

Kados ingkang sampun kito mangertosi bilih istilah “jariyah” meniko gegayutan kalian amal perbuatan ingkang pahala nipun mboten saget pedhot. Bahkan sampek piantunipun tilar dunyo, pahala terus mili kados banyu. Wonten tigo perkawis inggih meniko sedekah jariyah utawi wakaf, ilmu ingkang bermanfaat lan anak sholih ingkang purun ndungakaken.

Ananging, saat meniko kito urusan kalian dosa. Dosa internet terutama wonten ing media sosial. Dosa internet meniko amal perbuatan ing internet ingkang dosanipun bakal mili kados dene banyu. Senaoso akun media sosial ingkang kito damel nyebar duso sampun mboten aktif.

Bacaan Lainnya

Sak meniko kito sering dipun peringataken “jejak digital” utawi rekam jejak kito wonten ing internet. Memori internet bakal nampung sedoyo perilaku kito naliko ndamel internet: Kito pernah ten pundi, kalih sinten, ngelampahi nopo mawon, ngomong nopo mawon, nyaci maki sinten mawon, lan sak pitirutipun. Sedoyo meniko terekam wonten ing internet.

Hadirin Sholat ‘Idul Fitri Rahimakumullah..

Hal meniko penting sanget kawulo sampek aken, keranten sampun ngantos kito berhasil mendal saking wulan Romadhon kanthi keadaan suci ing dinten Riyadin Fitri tapi kito supe setunggal perkawis inggih meniko tentang sedoyo perilaku ing internet, utaminipun media sosial facebook, instagram lan sak pinunggalanipun.

Kito supe bilih menopo ingkang kito lampahi wonten media sosial meniko saget nyiderani tiang lintu. Lan menikolah dados dosa jariyah ingkang saget milih meski kito sampun tilar ndunyo.

Meski kito sampun hapus utawi mbusek konten ingkang kito unggah ten Internet, tapi internet meniko canggih. Saget munculaken postingan kito. Nopo malih postingan kito dipun daur ulang lan sampun sumebar wonten pundi-pundi.

Mongko kados dene sedekah jariyah ingkang pahalanipun mili terus-menerus. Cobi kito bayangaken, umpami kito ngumbar aurat ing media sosial lan nyebar ten pundi-pundi, dari tahun ke tahun. Tentu kito bakal angsal kiriman duso terus menerus selagi aurat kito tasek wonten ing internet.

Hadirin Sholat ‘Idul Fitri Rahimakumullah..

Rumus taubat inggih meniko, umpami kito gadahi kesalahan ingkang nyangkut tiang lintu, mongko kito kedah ngelereni kesalahan meniko, kedah janji mboten bakal ngelampahi kesalahan malih lajeng nyuwun pangapunten dateng Allah SWT ugi nyuwun pangapunten dateng tiang ingkang kito salahi.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait