Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa PDF: Introspeksi Diri di Hari Yang Fitri

Gambar Ilustrasi Idul Fitri
Gambar Ilustrasi Idul Fitri

مَا بَيْنَ النَّفْخَتَيْنِ أَرْبَعُونَ

Jarak antarane tiupan sangkakala, patang puluh (40).

Bacaan Lainnya

Abu Hurairah lajeng tanglet:

أَرْبَعُونَ يَوْمًا (patang puluh dino?)

Nabi jawab: أَبَيْتُ (Aku emoh njawab)

Abu Hurairah lajeng tanglet maleh:

أَرْبَعُونَ شَهْرًا (Empat puluh bulan?)

Nabi jawab: أَبَيْتُ (Aku emoh njawab)

Abu Hurairah lajeng tanglet maleh ingkang kaping tigo:

أَرْبَعُونَ سَنَةً (Empat puluh tahun?)

Nabi Jawab: أَبَيْتُ (Aku emoh njawab). (HR. Bukhari no. 4554)

Hadirin Masyiral Muslimin Rahimakumullah..

Ingkang dipunmaksud kalih tiupan sangkakala inggih meniko dinten kiamat lan dinten bangkit. Bilih ingkang dipunmaksud Nabi patang puluh (40) inggih meniko 40 dinten, sawentawis sa dinten ing akhirat setara kaliyan 1000 tahun ing donyo. Artosipun masa tenggo saking kiamat ngantos kito dipunbangkitoken inggih meniko 40.000 tahun. Kados pundi bilih ingkang dipunmaksud nabi 40 inggih meniko 40 sasi utawi 40 tahun?

Maasyaa Allah… Sasampunipun dipunbangkitoken kados biji ingkang thukul sasampunipun dipunsiram toyo jawah, kito digiring dhateng padang mahsyar, ngentosi sidang padang mahsyar ingkang lami sanget, ngentosi syafa’at ‘uzhma saking habibinal mushthofa. Dereng malih dinten perhitungan, dinten piwangsulan, nyabrang siroth lan salajengipun. Sangu menopo ingkang badhe kito betho kangge mengadap Allah ta’ala? Sementara kito langkung ngutama aken donyo tinimbang gesang ing akhirot.

Sholat sering lewat, siyam namung nahan luwe lan ngelak. Nafsu taksih mawon diumbar kados biasanipun. Maos Al Qur’an namung pas emut mawon, sanes dados kebiasaan kito. Jual-beli lan utang piutang kito kecampuran riba. Bilih mekaten wontenipun, pripun jawaban kito naliko ngadep dateng Allah ta’ala?.

Allahu Akbar (3x) wa liLlahi al-hamd

Hadirin Masyiral Muslimin Rahimakumullah..

Mekaten.. Kito kedah merenung lan ngerubah gesang kito. Saben dinten supados dados langkung sae. Amargi hakikat gesang ing donyo namung mampir ngombe, kangge nglajengaken perjalanan salajengipun.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait