Khutbah Jumat Singkat PDF Bahasa Jawa: Belajar Dari Tiga Binatang Dalam Al Quran

Ilustrasi hewan laba-laba, semut dan lebah
Ilustrasi hewan laba-laba, semut dan lebah

 مَثَلُ الَّذِينَ اتَّخَذُوا مِنْ دُونِ اللَّهِ أَوْلِيَاءَ كَمَثَلِ الْعَنْكَبُوتِ اتَّخَذَتْ بَيْتًا ۖ وَإِنَّ أَوْهَنَ الْبُيُوتِ لَبَيْتُ الْعَنْكَبُوتِ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ

Artosipun: “Perumpamaan tiyang-tiyang ingkang mendhet pelindung-pelindung selain Allah inggih menika kados laba-laba ingkang ndamel griya. Lan saestunipun griya ingkang paling ringkih inggih menika griya laba-laba menawi piyambakipun sedaya sumerep,”

Bacaan Lainnya

Griya laba-laba sanes papan ingkang aman, punapa mawon ingkang berlindung utawi ngiyup wonten ing celakipun/caketipun bakal disergap utawi dimangsa. Napa malih kewan serangga ingkang mboten sajenis, jantanipun nggih sasampunipun bibar membuahi bakal disergap dening betina. Telur-teluripun ingkang menetas sami desek-desekan sehingga saget saling memusnahkan. Setunggaling gambaran ingkang ngeri sanget saking jenising kewan.

Jamaah shalat jumat rahimakumullah,

Lajeng kados pundi kalih lebah? Tindak lampah Lebah sesuai kalih petunjukipun pengeran wonten Al-Qur’an. Sehingga lebah mampu milih gunung-gunung lan wit-wit dados papan manggen.

 وَأَوْحَىٰ رَبُّكَ إِلَى النَّحْلِ أَنِ اتَّخِذِي مِنَ الْجِبَالِ بُيُوتًا وَمِنَ الشَّجَرِ وَمِمَّا يَعْرِشُونَ

Artosipun: “Lan pengeranmu mewahyukan marang lebah: ‘Gaweo sarang-sarang nang gunung-gunung, nang wit-wit kayu, lan nang panggonan-panggonan sing digawe manungso.” (QS An-Nahl: 68)

Begitu istimewanya hewan lebah, Allah lantaran ayat kasebat ngutus dhateng lebah supados ndamel papan manggen ing gunung, wit utawi panggenan-panggenan ingkang dipundamel dening manungsa.

Sarang lebah dipundamel awujud segi enem sanesipun gangsal utawi sekawan supados mboten pemborosan papan panggenan. Ingkang dipun maem inggih menika kembang-kembangan, mboten kados semut ingkang menumpuk-numpuk makananipun, lebah ngolah makananipun lan hasil olahanipun inggih menika lilin lan madu ingkang manfaat sanget kangge manungsa.

Lilin dipungunaaken kangge penerang lan madu saget dados obat ingkang sae. Lebah disiplin sanget, semerap cara bagi tugas utawi pekerjaan, lan sedaya ingkang mboten migunani disingkirkan saking sarangipun. Lebah mboten ngganggu kejawi wonten tiyang ingkang mengganggunipun, malah sengatanipun nggih saget dados obat.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait