Khutbah Jumat Singkat PDF Bahasa Jawa: Belajar Dari Tiga Binatang Dalam Al Quran

Ilustrasi hewan laba-laba, semut dan lebah
Ilustrasi hewan laba-laba, semut dan lebah

Jamaah shalat jumat rahimakumullah,

Sikap gesang manungsa sering dipunibarataken kaliyan pinten-pinten jenising kewan. Jelas wonten manungsa ingkang kebiasaanipun kados semut, inggih menika remen numpuk bondo lan numpuk ilmu (tanpa mengolahipun), numpuk bondo tanpa dipuntrepaken kaliyan kebutuhanipun.

Bacaan Lainnya

Budaya semut inggih menika “budaya numpuk”, mila mboten heran masalah ingkang sering dipunalami manungsa inggih menika sumbere saking bondo dunyo.

Amargi bondo, kathah manungsa lalai ing ndalem ibadah, amargi banda kathah manungsa ingkang satru kaliyan sanak sadherek, lan kathah malih madlorot ingkang disebabaken sifat menika. Saget dipunpesthekaken menawi lebeting masyarakat kita, kathah sanget semut ingkang berkeliaran.

Jamaah shalat jumat rahimakumullah,

Samenika laba-laba, duka pinten kathah jumlah laba-laba ingkang wonten ing antawising kita, inggih menika piyambakipun sedaya ingkang mboten perlu mikir punapa, ing pundi, lan kapan piyambakipun dhahar, nanging ingkang dipikir inggih menika “sinten ingkang ajeng dipundadosaken mangsa”.

Laba-laba dados kiasan saking sifat manungsa ingkang mencelakakan. griya/organisasi/lembaga ingkang dados pelindungipun menjerumuskan sinten mawon ingkang terpikat dening piyambakipun.

Jamaah Shalat Jumat Rahimakumullah,

Nabi Shallallahu ‘alaihi wasallam ngibarataken setunggaling tiyang mukmin dados lebah, kewan ingkang mboten ngerusak lan mboten ugi nyakitaken: Mboten dahar kejawi ingkang sae, mboten ngasilaken kejawi ingkang manfaat lan bilih manggen mila mboten ngerusak.

Langkung rinci malih, lebah samboten-mbotenipun nggadhahi tiga keistimewaan ingkang saget dados analogi bab karakter manungsa. Pertama, lebah mboten ngerusak ranting ingkang piyambakipun hinggapi, senajan wit menika cilik sanget.

Bab menika maringi piwucalan manungsa supados nebihi lampahan ingkang ndadosaken mudarat utawi kerugian marang tiyang sanes. Lebah memang dugi kangge dahar, nanging piyambakipun mboten badhe ngerusak kangge kewigatosan pribadinipun piambak. Malah justru lebak berjasa wonten proses penyerbukan setunggaling kembang ingkang piyambakipun hinggapi.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait