Khutbah Jumat Bulan Syawal PDF Terbaru Menyentuh Hati: Sifat Takabur Hilang Dengan Takbir (B. Jawa)

gambar ilustrasi sholat
gambar ilustrasi sholat

Takbir tamtu langkung saking namung ucapan lan kata-kata mawon. Ing ndalem anjuran takbir wonten perintah supados nganggep sedoyo wonten ngalam dunyo meniko podo, sedoyo menika alit, amargi ingkang Mahabesar namung Allah. Piyambakipun panguwaos jagat raya menika.

Mboten wonten setunggal urusan utawi kawontenan ingkang luput saking genggaman-ipun. Menkia lah makna saking Rabbul ‘Alamin. Allah sanes namung pengeran kanggem manungsa ananging pengeran kanggem sedaya, termasuk kewan, tumbuhan, jin, malaikat, planet-planet, bumi, langit, suwarga, neraka, lan sanes sanesipun.

Bacaan Lainnya

Pramila saking keyakinan kados menika lah timbul sikap andhap ashor. Nyiliaken (mengecilkan) sedayanipun, termasuk kesugihan lan jabatan, namung kangge gagungkan Allah SWT. Sikap menika susah sanget dipunlampahi amargi musuh terberatipun sanes setan mawon, ananging ugi nafsu-nipun piyambak.

Tiyang mungkin mawon terbebas saking keraguan ngimani kawontenan Allah seyakin-yakinipun nanging dereng tamtu piyambakipun kasil ngagungaken Allah SWT. Tiyang saged mawon alim sanget, giyat ibadah, mengklaim mbela agami, nanging menapa piyambakipun sampun saestu resik saking nganggep langkung andhap tiyang lintu, nganggep piyambakipun langkung selamet saking sanesipun?

Hadirin Rahimakumullah

Kita ngertos, iblis terjerumus sanes amargi piyambakipun ingkar atas kawontenanipun Allah. Iblis mboten ateis. Mungkin soal keimanan menika, iblis nglangkungi manungsa biasa. Iblis diuncalaken dhateng neraka lan dados makhluk terkutuk salaminipun amargi nolak ngurmati Nabi Adam lantaran takabur. Kisah menika wonten lebeting serat al-baqarah ayat 34:

 وَإِذْ قُلْنَا لِلْمَلَائِكَةِ اسْجُدُوا لِآدَمَ فَسَجَدُوا إِلَّا إِبْلِيسَ أَبَىٰ وَاسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ الْكَافِرِينَ

Artosipun: Lan (elingo) nalika ingsun Allah berfirman marang para malaekat: ‘Sujudlo siro marang Adam,’ mula sujudlah dheweke kabeh kajaba iblis; Piyambake emoh lan takabur/gumedhe lan yaiku piyambake kalebu golongan makhluk kang kafir.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait