Khutbah Jumat Bulan Syawal PDF Terbaru Menyentuh Hati: Sifat Takabur Hilang Dengan Takbir (B. Jawa)

gambar ilustrasi sholat
gambar ilustrasi sholat

Takabur utawi kesombongan sampun metengaken iblis kangge ngakeni Adam dados makhluk Allah ingkang kedah dipunhormati. Nalika Allah paring perintah sujud lajeng iblis nolak, mila wiwit menika lah Iblis ngingkari kebesaran Allah SWT.

Iblis gedhekne awak-ipun piyambak datheng ngajeng Dzat ingkang Mahabesar. Iblis namung ningali dhateng sinten piyambakipun hormat nanging mboten ningali saking sinten perintah hormat menika.

Bacaan Lainnya

Jamaah Rahimakumullah

Menapa ingkang dipun lampahi Iblis, saged ugi kita lampahi sanadyan kalebet skala lan konteks ingkang benten. Allah, upaminipun, sampun merintah kita muliaaken manungsa (QS Al-Isra: 70) lan mboten ngrusak lingkungan (QS Al-A’raf: 56). Nalika tindak lampah kita sa-wangsulipun, mila sejatosipun kita niru utawi nyontoh Iblis ingkang durhaka.

Kita namung percados kawontenan Allah nanging “mboten percados” kebesaran lan kekuasan-ipun. Utawi mungkin percados nanging mendel ing cangkem utawi namung angen-angen mawon. Buah saking takbir inggih punika ngerdilne (mengecilkan) awak-ipun piyambak lan ngagengaken Allah. Dampak lazim saking kawontenan batin menika inggih punika mboten ngeremehaken hal-hal menapa mawon amargi sadar bilih sedaya menika mboten sanes inggih punika hamba Allah Rabbul ‘Alamin.

Jamaah ingkang dimuliaaken Allah

Rasulullah nate negur sahabat ingkang anak manuk ngantos indukipun rumaos terganggu. Sikap welas asih dhateng kewan menika namung saged dipunlampahaken nalika salah setunggaling tiyang mboten malih sibuk nandhingaken piyambakipun kaliyan kewan, nanging ningali sinten ingkang ndamel kewan.

Menika ugi ingkang dados alesan kenging menapa Nabi gadahi sifat pemaaf lan welas asih kaliyan tiyang-tiyang kafir ingkang nate musuhi, malah usaha mejahi kanjeng Nabi; lan criyos-criyos teladan sanesipun.

Jamaah ingkang dimuliaaken Allah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait