Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa PDF: Hakikat Kalimat Tauhid

Ilustrasi kalimat lailaha illallah freepik
Ilustrasi kalimat lailaha illallah freepik

Monggo kito tansah syukur dumateng Gusti Allah ingkang sampun ndadosaken kito sedoyo kalebet tiyang-tiyang ingkang ngawulo dumateng Gusti Allah kelawan ngamalaken kalimat tauhid “La ilaha illallah” lahir batin. Gusti Allah dawuh:

وَلَا يَمْلِكُ الَّذِينَ يَدْعُونَ مِن دُونِهِ الشَّفَاعَةَ إِلَّا مَن شَهِدَ بِالْحَقِّ وَهُمْ يَعْلَمُونَ

Bacaan Lainnya

Artosipun: Lan sesembahan-sesembahan kang podo disembah sakliyane Gusti Allah Taala iku ora biso aweh pitulungan (syafaat), ananging kang biso aweh pitulungan ya iku wong kang ngakoni kelawan kang haq (kalimat Tauhid) lan podo yakin. (QS, Al-Zukhruf: 86)

Sahabat Ibnu Abbas paring pepertelan bilih kalimat “bil Haqqi” wonten ayat niki inggih meniko “bi La ilaha illallah mukhlison biha”, yoiku, wong kang nyekseni kalimat La ilaha illallah ing lebete manah kanti ikhlas.

Ayat meniko ugi nuduhaken hakekatipun kalimat La ilaha illallah, bilih mboten wonten sesembahan ingkang patut dipun sembah kejawi namung Gusti Allah. Tegese, namung dumateng Gusti Allah kito sedoyo ngelampahi amal ibadah. Mboten wonten kumrentek babar pisan wonten lebetipun manah saklintunipun Gusti Allah. Sedoyo dipun niati lan lampahi namung dumateng Gusti Allah.

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumulloh.

Kedah kito mangertosi bilih kalimat La ilaha illa Allah meniko sak sae-saenipun dzikir lan ugi sak utami-utami ilmu kados dawuhipun Rasulullah riwayat Jabir bin Abdillah:

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait