Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa PDF: Hakikat Kalimat Tauhid

Ilustrasi kalimat lailaha illallah freepik
Ilustrasi kalimat lailaha illallah freepik

أَفْضَلُ الذِّكْرِ لَااِلهَ اِلَّا اللهُ وَأَفْضَلُ الدُّعَاءِ اَلْحَمْدُ للهِ

Artosipun: Sak utama-utamane dzikir iku  Laa ilaaha illa Allah , lan sak utama-utamane dungo iku Alhamdulillah. (HR. Tirmidzii, Al-Nasai, Ibn Majah)

Bacaan Lainnya

Kalimat Laa ilaaha illa Allah dipun wastani dzikir ingkang paling utami, keranten kalimat meniko nuduhaken paneksen (kesaksian) lan tumacepe kalimat Allah wonten lebete manah, ugi nolak sedoyo sesembahan kejobo Gusti Allah. Kalimat La ilaaha illa Allah saget minggah piyambak tumuju Arsy tanpo bantuanipun Malaikat. Kados ingkang dipun dawuhaken dening Gusti Allah Ta’ala:

مَنْ كَانَ يُرِيدُ الْعِزَّةَ فَلِلَّهِ الْعِزَّةُ جَمِيعًا ۚ إِلَيْهِ يَصْعَدُ الْكَلِمُ الطَّيِّبُ وَالْعَمَلُ الصَّالِحُ يَرْفَعُهُ ۚ

Artosipun: Sopo wonge kepingin kamulyan mongko saktemene sekabehane kamulyan iku kagungane Gusti Allah. Marang ngersane Gusti Allah ucapan kang bagus iku munggah lan amal-amal sholeh iku diangkat (QS Al-Fatir: 10)

Wonten tafsir Tabari dipun sebataken bilih, “al-Kalim Al-Thoyyibu” utawi ucapan kang bagus wonten ayat meniko maksudipun inggih kalimat Laa ilaaha illa Allah.

Setunggale pendapat negesaken kelawan kalimat Subhanallah wal hamdulillah wa la ilaha illallah wallahu Akbar. Wonten malih ucapan bagus meniko maksudipun ucapan sae ingkang dipun ridoni Gusti Allah.

Hadirin Jamaah Jumat Rahimakumulloh.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait