MUKADIMAH KHUTBAH JUMAT PERTAMA
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدىْ وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى خَاتَمِ اْلاَنْبِيَآءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ مُحَمَّدٍ وَّعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ أجْمَعِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا عِبَادَ اللهِ اِتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Hadirin jamaah Jumah rahimakumullah,
Wonten ing awal khutbah menika, sumangga kita tingkataken ketakwaan kita datheng Allah SWT kanthi sak leres-leresipun takwa. Inggih punika ambudidaya kelawan temenan ngelampahi sedaya perintah lan nebihi sedaya larangan-ipun.
Hadirin jamaah jumah rahimakumullah,
Ing antawisun wujud takwa dhumateng Allah SWT inggih punika sinau ngendalikaken kemarahan utawi nesu. Lebeting bab punika, rumiyin wonten setunggaling sahabat, wonten ingkang nyebat bilih sahabat punika Abdullah bin Umar, Abu Darda’, lan Sufyan bin Abdullah As-Tsaqafi ingkang nyuwun nasihat dhateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Lajeng dijawab simpel kaliyan kanjeng Nabi bilih piyambakipun (sahabat) supados mboten nesu/srengen. Ternyata diulang malih piyambakipun nyuwun nasihat, Kanjeng Nabi taksih mawon paring nasihat supados mboten nesu/srengen nuruti hawa nafsu.
Wonten setunggal hadits shahih diriwayatakan:
BACA HALAMAN BERIKUTNYA..