Teks Khutbah Jumat Paling Bagus Tahun Ini: Jagalah Lisan dan Hatimu (B. Jawa)

ilustrasi menjaga lisan
ilustrasi menjaga lisan

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ اْلإِيْمَانِ وَاْلإِسْلاَمِ. وَنُصَلِّيْ وَنُسَلِّمُ عَلَى خَيْرِ اْلأَنَامِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

 أَشْهَدُ أَن لاَّ إِلَهَ إِلاَّ الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُـحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُه

Bacaan Lainnya

أَللهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلَى آلِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ

Jama’ah sholat Jum’at Rahimakumullah..

Mangga sareng-sareng ningkataken taqwAllah, ajrih dumateng ngarsonipun Allah, kanti nindaaken sedaya printah-printahipun saha nebihi sedoya awisan-awisanipun.

Sedaya menika kita lampahi supados kita sedaya manggehaken kawilujengan saha kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Hadirin jamaah jumat ingkang minulyo

Mungkin mawon salah setunggaling tiyang putus asa saking Rahmat Allah keranten lesan.

Mungkin mawon rumah tangga bubrah, bercerai berai keranten ucapan ingkang medal saking lesan.

Mungkin mawon wonten tiang mejahi sederekipun keranten lesan. Ugi Saget mawon tiang dipejahi sedherekipun keranten lesan.

Saget mawon, salah setunggaling tiyang ingkang biasanipun tilem angkler ten gubuk tapi ujug-ujug risih lan kepingin nggadah griya mewah ingkang dipanipun empuk lan nyaman. Akhiripun si fulan mlebet penjara keranten lesan sadherekipun ingkang memprofokasi.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait