Teks Khutbah Jumat Paling Bagus Tahun Ini: Jagalah Lisan dan Hatimu (B. Jawa)

ilustrasi menjaga lisan
ilustrasi menjaga lisan

Salajengipun, dipunriwayataken dening Imam Ahmad, Rasulullah Saw bersabda:

 عليك بطول الصمت فإنه مطردة الشيطان وعون لك علي أمردينك

Bacaan Lainnya

“Akehno meneng siro kabeh, mergo meneng iso nyingkirne setan lan nyemaetno urusan marang agomomu,” (HR. Ahmad)

Masyiral muslimin ingkang berbahagia

Ternyata, sinau ngomong langkung gampil tinimbang sinau mendel. Cobi panjenengan bayangaken, bayi saged belajar ngomong setunggal utawi kalih tahun. Nanging kita ingkang sampun meh maghrib umuripun dereng sangguh sinau mendel.

Sumangga, kita cobi sinau mendel kados Nabi Yusuf As. estu Nabi Yusuf AS kala mireng kebohongan-kebohongan ingkang dipunsanjangaken dening sadherek-sadherekipun, piyambakipun mboten langsung menegur piyambakipun sedaya.

Nabi yusuf ngertos persis sedaya ingkang dipun sanjangaken puniku mboten leres nanging Nabi Yusuf milih mendel.

Kados ingkang sampun disebat wonten Al Qur’an

فَأَسَرَّهَا يُوسُفُ فِي نَفْسِهِ وَلَمْ يُبْدِهَا لَهُمْ

“Mila Yusuf menyembunyi kan (mangkel) lebeting manahipun lan mboten dipun ketingalaken dhateng piyambakipun sedaya.” (QS. Yusuf. 77)

Hadirin ingkang mulia

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait