Ketika Hatimu Keras dan Membatu, Materi Khutbah Jum’at Singkat (B. Jawa)

Ilustrasi Hati Membatu
Ilustrasi Hati Membatu

KHUTBAH PERTAMA

إِنَّ الْحَمْدَ لِلَّهِ؛ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ بَلَّغَ الرِّسَالَةَ وَأَدَّى الأَمَانَةَ وَنَصَحَ الأُمَّةَ؛ فَصَلَوَاتُ اللهِ وَسَلَامُهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَأَمَّا بَعْدُ مَعَاشِرَ المُؤْمِنِيْنَاِتَّقُوْا اللهَ تَعَالَى؛ فَإِنَّ مَنِ اتَّقَى اللهَ وَقَاهُ وَأَرْشَدَهُ إِلَى خَيْرٍ أُمُوْرٍ دِيْنِهِ وَدُنْيَاهُ

Hadirin kaum Muslimin jamaah shalat Jum’at Rakhimakumullah..

Bacaan Lainnya

Puji syukur wonten ngarsa dalem Allah Swt. Shalawat lan salam mugi-mugi tansah kunjuk katur dhumateng Rasulallah SAW lan para ahli kluwarginipun ingkang suci lan mulia.

Selaku khatib, kula gadhah pesen ing dhiri piyambak lan jamaah sami: sumangga tansah ningkataken ketakwaan kita dhateng Allah SWT, supados kita angsal kesuksesan gesang donya lan akherat. Amin.

Wonten ing kesempatan khutbah ingkang awal punika kula badhe mbahas bab ingkang ringan nanging sering sanget kedados ing dhiri kita, inggih punika qaswatul qalb utawi nalika manah atos lan dados watu.

Jamaah shalat jum’at rakhimakumullah

Para sedherek sedoyo, wonten salah setunggal wekdal mungkin kita ngeraos susah sanget syukur dhateng Allah SWT. Gesang kraos kosong. Kathah kekajengan mboten kunjung terpenuhi. Akibatipun, manah kraos atos lan dados watu. Kesombongan tansah mbayangi dhateng gesang kita saben dinten.

Lan nalika angsal nasehat saking sadherek, kanca, utawi kiai, kita rumaos digurui. Perlu dipun mangertosi bilih kados mekaten termasuk ciri-ciri penyakit “qaswatul qolb” utawi manah ingkang membatu.

Soyo kathah kemaksiatan kita lampahaken saestunipun soyo ndamel manah kita atos lan membatu. Allah SWT berfirman,

 ثُمَّ قَسَتْ قُلُوبُكُم مِّن بَعْدِ ذَلِكَ فَهِيَ كَالْحِجَارَةِ أَوْ أَشَدُّ قَسْوَةً وَإِنَّ مِنَ الْحِجَارَةِ لَمَا يَتَفَجَّرُ مِنْهُ الأَنْهَارُ وَإِنَّ مِنْهَا لَمَا يَشَّقَّقُ فَيَخْرُجُ مِنْهُ الْمَاء وَإِنَّ مِنْهَا لَمَا يَهْبِطُ مِنْ خَشْيَةِ اللهِ وَمَا اللهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait