Ketika Hatimu Keras dan Membatu, Materi Khutbah Jum’at Singkat (B. Jawa)

Ilustrasi Hati Membatu
Ilustrasi Hati Membatu

“Kemudian sawise iku atimu dadi keras kaya watu, malah luwih keras maneh. Padahal ing watara watu-watu iku tenane ana kang mili kali-kali teka dheweke….” (QS. Al-Baqarah:74)

Mila, Ibnul Qayyim nate ngendikan: “Manah salah setunggaling tiyang ingkang sampun kering lan membatu, piyambakipun kados wit ingkang meranggas lan pejah. kekalih ipun namung patut diobong geni”. naudzubillah.

Bacaan Lainnya

Hadirin sidang jumah rokhimakumullah

Memang, wonten kathah katah sebab ingkang dadosaken atosipun manah. Qadhi al-Fudail ngucap, “Telung perkoro kang ndadeake ati atos yoiku: kakehan mangan (dhahar), kakehan turu lan kakehan ngomong”. Bahkan, dhahar ingkang kelangkung-langkung saget ngrusak kesarasan badan.

Ibnu Sina, pakar kedokteran islam generasi awal, matur, “Perhatikanlah (konsumsi) perutmu sebab sebagian besar penyakit bermula dari makanan yang berlebih”.

Keranten menika lah, Ali bin Abi Thalib RA ngendikan, “Istirahate badan yoiku ngurangi dhahar, istirahate ilat yoiku nyudo omongan, lan istirahate manah yoiku ngurangi kekarepan”.

Kangge mengindari atosipun manah, Rasulallah SAW mucalaken dhateng kita, antawisipun supados pinter-pinter bersyukur. Setunggaling dinten, salah setunggaling sahabat dugi dhateng Rasulallah SAW lajeng matur,

Akhir-akhir punika kula ngraosaken amanah kula atos, Rasulallah SAW lajeng jawab, Ono to gelem siro tak duduhi cara kanggo ngelemesne ati lan kekarepanmu terpenuhi? Tresnani anak-anak yatim, usap sirahe, wenehono dhaharan soko dhaharanmu, Temen kabeh iku mahu bakal ngelemesne atimu lan jembarake rizkimu,” (HR. Thabrani)

Mila, kala kita njamu yatim, kita paringaken dhaharan paling sae ingkang kita gadhahi. Kados mekaten mboten namung ngelemesaken manah, nanging ngateraken kita ing hadits Rasulallah SAW sanesipun, “Aku lan wong-wong kang ngurus anak yatim bakal berdampingan koyo deriji loro (dua) ing suwargo”.

Hadirin sidang jum’ah rokhimakumullah

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait