Contoh Khutbah Jumat Singkat Padat PDF Bahasa Jawa: Perintah Berkurban

ilustrasi hewan kurban
ilustrasi hewan kurban

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ أَرْسَلَ رَسُوْلَهُ بِالْهُدَى وَدِيْنِ الْحَـقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه. اَللّٰهُـمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أله وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ

أَمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ الِلّٰهِ، أُوْصِيْنِيِ نَفْسِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللّٰهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. وَقَالَ تَعَالَى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللّٰهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Bacaan Lainnya

أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ. فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ. إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ .صَدَقَ اللّٰهُ الْعَظِيمْ

Hadirin jamaah jum’at rokhimakumulloh

Kaping sepindah, khotip wasiat dhateng dhiri kula piyambak lan dhateng jamaah sedaya, sumangga kita tansah ambudidaya ningkataken takwa kita dhateng Allah SWT kelawan usaha nglampahaken sadayaning perintah-ipun saha nebihi larangan-larangan-ipun.

Shalawat lan salam sumangga kita aturaken dhateng junjungan kita Nabi Ageng Muhammad Solallahu alaihi wassalam, berserta keluwarga lan sahabatipun. Mugi-mugi ing dinten kiamat mangke kita lan keluwarga besar kita angsal syafa’at saking kanjeng Nabi Muhammad SAW. Aamiin ya-robbal aalamiin.

Hadirin jamaah jum’at rokhimakumulloh

Khutbah dinten punika khotip mendhet judul PERINTAH BERKURBAN.

Wonten ing setunggaling dhusun pelosok wonten embah kakung lan putri keranten putranipun nyambut damel dhateng kutha.

Setiap tahun embah kakung angsal kupon saking panitia kurban saking salah setunggal masjid, kangge mendhet jatah daging korban.

Nembe angsal kupon mawon embah kakung punika remen sanget kalih bersyukur ngucap alhamdulillah. Nanging ing lebeting manahipun embah kakung punika tanglet dhateng piyambakipun “Ya-alloh punapa kula ingkang ina punika saged korban kados tiyang lintunipun?”

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait