Contoh Khutbah Jumat Singkat Padat PDF Bahasa Jawa: Perintah Berkurban

ilustrasi hewan kurban
ilustrasi hewan kurban

 إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ. فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ

Artosipun: “Setuhune, kita wis wenehi siro (Muhammad) nikmat kang akeh. Mula leksanakno salat amarga pengeranmu, lan kurbano (minangka ngibadah lan nyedhakake awak marang Allah). (QS. al-Kautsar ayat 1 lan 2)

Bacaan Lainnya

Hadirin jamaah jemuwah rokhimakumulloh.

Saking criyos punika khotip ngajak tiyang ingkang kecukupan supados berkorban. Kathah ing antawis kita ingkang dipunparingi kecukupan penghasilan, nanging taksih wonten ingkang mboten purun berqurban.

Padahal, mungkin mawon regi HP, jam tangan, tas, utawi barang ingkang nempel dhateng badan kita reginipun langkung awis tinimbang setunggal kewan qurban.

Nabi Muhammad SAW wonten ing hadits sampun ngemutaken umatipun bab perintah kurban.

 عَنْ َأبِي هُرَيْرَة: َأنَّ رَسُوْل اللهِ صلى الله عليه وسلم قال : مَنْ كَانَ لهُ سَعَة وَلمْ يَضَحْ فَلا يَقْربَنَّ مُصَلَّانَا (رواه احمد وابن ماجه)

Artosipun: Saking Abu Hurairah, Rasulullah SAW sampun bersabda, barangsapa kang nduweni kemampuan, nanging dheweke ora berkurban mula aja sampek dheweke nyedhaki (nekani) papan shalat kita. (HR Ahmad lan Ibnu Majah).

Makna berkurban punika mboten namung soal tradisi nyembelih kewan mawon, nanging ugi wonten makna-makna lintu ingkang ing ndalemipun wonten ketakwaan nglampahaken perintah Alloh SWT lan Rosulipun.

Ingkang naminipun kurban nggih estu awrat/abot sanget, mila kangge ingkang tahun punika dereng saged korban, kula ajak supados nabung sakedhik saya sakedhik kangge tumbas kewan kurban.

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait