Khutbah Idul Adha Terbaru PDF: Tiga Hikmah Utama Hari Raya Idul Adha (B. Jawa)

Khutbah Idul Adha singkat terbaru
Khutbah Idul Adha singkat terbaru

Mula nalika lorone wis pasrah lan dheweke (ibrahim) membaringkan anake dhuwur pelipise, (kanggo nindakake prentah Allah). Banjur kito panggil dheweke, “Wahai Ibrahim! Tenane, siro wis mbeneri ngimpi iku.” Tenan, mangkono lah kito menehi walesan marang wong-wong kang tumindak apik.

Sabenere iki bener-bener siji ujian kang nyata. lan kito tebus anak iku karo siji sembelihan kang gedhe. Lan kito abadikan kanggo Ibrahim (pujian) ing kalangan wong-wong kang bakal teka, “Slamet sejahtera kanggo Ibrahim.” Mangkono lah kito menehi walesan marang wong-wong kang tumindak apik.

Bacaan Lainnya

Hadirin jamaah salat idul adha rahimakumullah

Saking kutipan ayat ing inggil sampun jelas sanget bilih Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS nampi setunggaling perintah saking Allah SWT, setunggaling perintah ingkang luar biasa abotipun. Nabi Ibrahim AS ingkang saat meniko kepingin sanget nggadhahi puta jaler ingkang dipunajeng-ajeng dados penerus perjuanganipun, nanging nalika piyambakipun ndonga lan dipunkabulaken dening Allah SWT kelawan lahiripun bayi ingkang kaparingan asma Ismail. Lajeng kala sampun umur, Nabi Ibrahim AS angsal perintah saking Allah SWT supadaos nyembelih putra kesayanganipun. Kelawan sangu ketaatan, kesabaran, keikhlasan ing ndalem nglampahaken Perintahipun Allah.

Mboten disangka-sangka nalika Ibrahim badhe nyembelih Ismail, ing ndalem sakedheping mripat, Allah nggantosaken Ismail kaliyan setunggal menda domba.

Allahu akbar 3 x walillahi alhamdu,

Hadirin jamaah salat idul adha rahimakumullah

Saking peristiwa kasebat kito saged mendhet hikmah, ing antawisipun:

Hikmah pertami, tiyang ingkang ngibadah utawi taqarrub dhateng Allah mesthi bakal nompo ujian ingkang mboten gampil. Kados ingkang dipunsanjangaken Imam Ghozali lebeting kitobipun minhajul ‘abidin:

 اِنَّهُ لاَ عِبَادَةَ وَفِى نَفْسِهَا مَشَقَّةٌ اِذْ لَا يَتَأَتَّى فِعْلُ الْعِبَادَةِ اِلَّا بِقُمْعِ الْهَوَى وَ قَهْرُ النَّفْسِ إِذْ هِيَ زَاجِرَةُ عًنِ الْخًيْرِ وَمُخَالَفَةُ الْهَوَى وَقَهْرُ النَّفْسِ مِنْ اَشَدِّ اْلاُمُوْرِ عَلَى الْاِ نْسَانِ

BACA HALAMAN BERIKUTNYA..

Pos terkait